Mbah Maridjan. Martir lan Kanca Sejati.

Mbah Maridjan tilar donya nalika dina Rebo tanggal 27 Oktober 2010 ing kampung kelahirane, yaiku Dusun Kinahrejo, Desa Umbulharjo, Kecamatan Cangkringan, Kabupaten Sleman, Daerah Istimewa Yogyakarta. Mbah Maridjan seda kanthi sujud manembah marang Gusti Kang Murbeng Dumadi amarga netebi dhawuhe Kanjeng Ratu Sri Sultan Hamengku Bhuwana IX anggone dadi Juru Kunci Gunung Merapi naliko gunung Merapi mbledhos lan muntahake lahar panas sasi Oktober 2010.

Bab tilare mbah Maridjan iki dadi omongane wong akeh. Ana sing nyalahake mBah Maridjan amarga dheweke ngeyel ora gelem lunga ninggalake omahe, kang mangka gunung Merapi wis bakal mbledhos kaya sing dikandhakake dening para ahli sing ngawasi gunung Merapi. Nanging akeh uga wong kang padha ngalem mBah Maridjan anggone teteg ora gelem ninggal glanggang colong playu netebi kuwajibane nunggu gunung Merapi.

Yen dinalar nganggo pikiran manungsa jaman saiki, sing pancen wis luwih nggunakake rasio lan uga materi, katimbang nggunakke ati, apa sing dilakoni mBah Maridjan iku mbok menawa bisa diarani sawijining sikap sing keleru, utawa salah. Amarga sing jenenge netebi dhawuh iku tetep kudu nganggo akal, kudu rasional. Ora njur kewanen nglawan alam sing nek di-rasio ora mlebu akal.

Nanging yen diudhari nganggo rasa, nganggo ati, apa sing ditindakake mBah Maridjan iku bisa diarani sawijining sikap kepemimpinan utawa kepahlawanan sing ora ana tandhinge ing jaman saiki, khususe ing Tanah Jawa lan ing Indonesia. Umume pemimpin ing Indonesia saiki iki mung padha mikir kepentingane dhewe-dhewe. Ora peduli rakyate padha ngelih apa ora, tentrem apa ora. Yen ana dhuit selak gage-gage rebutan lan rayahan. Yen ana tanggung-jawab malah ninggal glanggang colong playu.

Mula yen banjur akeh wong nganggep mBah Maridjan iku Martir, utawa uga Pahlawan, kanggone wong Jawa, khususe kanggone masyarakat saindhenging Merapi, tak kira iku ora salah, amarga ing jaman saiki iki wis angel nggolek pemimpin sing nduweni sifat kaya mBah Maridjan iki. Dadi, sebutan Martir utawane Pahlawan iku ora mligi amarga mBah Maridjan bisa nylametake wargane saka lahar Merapi, wong nyatane sing dadi korban ya nganti atusan, ananging luwih-luwih amarga apa sing ditindakake dening mbah Maridjan ikut bisa dinggo tuladha marang pepadha, khususe para pemimpin Indonesia, yen dadi pemimpin iku kudune nduweni sifat wani ngorbanke raga lan nyawane dhewe kanggo rakyate.

Apa sing ditindakake mBah Maridjan iki jumbuh karo sabdane Yesus utawa Nabi Isa mangkene: ”Ora ana katresnan sejati, ngungkuli katresnan kanca sing wani ngorbanke nyawane kanggo kanca-kancane”. Bungah banget aku nduwe Kanca Sejati kaya mBah Maridjan iki. Sugeng tindak dhumateng Kraton nDalem Gusti, mBah Maridjan.. Sugeng pinanggih kaliyan Panjenengan nDalem ingkang sampun ngutus mBah Maridjan..!!

*) Foto mBah Maridjan dijupuk saka: http://karangjunti.wordpress.com

%

2 comments:

Bintar said...

Hello koe wong kristen yo, eling ojo pernah nyandingke nabi isa as karo yesusmu. nabi isa ora pernah mati ngorbanke awake dewe nggo kancane. mbah maridjan juga walau mbah marijan isih percoyo kejawen tapi ora pernah duwe 2 gusti, mur ana 1 gusti, yaitu gusti ALLAH swt. elingo kui

Anonymous said...

Kulo wong jogja isih kelingan 5 taun kepungkur mbah maridjan sedo dadi korbane merapi,muga2 arwahe katrimo dening gusti ALLAH..... amien.