Keturunan Jawa dadi Menteri lan Kapolri Suriname?

Warga Suriname pada keplok rame banget amarga gumun weruh polahe Buta Cakil sing pethakilan, beda banget karo Arjuna, Satria sing alus tindak-tanduke. Apa sing tak critakke iki yaiku sawijining tari Blambangan Cakil sing dadi salah sawijining pasugatan ana ing acara MALAM BUDAYA INDONESIA-INDOFAIR 2010 ing Paramaribo, Suriname. Acara Indofair dianakake wiwit tanggal 24 September ~ 2 Oktober 2010 kanggo mengeti 120 tahun Imigran Jawa pisanan teka ing Suriname, negara ing Amerika Kidul iku. 

Acara sing didukung dening KBRI ing Suriname iku uga diisi karo Didik Nini Thowok sing nari Dwimuka, sing marakake para penonton padha kepingkel-pingkel. Ana uga Yan Felia, penyanyi saka Solo sing kayane wis kesuwur banget ana ing Suriname. Yan Felia nyanyi lagu "Sewu Kutha" sing uga wis kesuwur ing Suriname. Rombongan kesenian sing digawa dening Kementerian Kebudayaan dan Pariwisata Indonesia itu dadi panglipur kanggone warga Suriname.

Pejabat Tinggi Suriname ngrawuhi acara iku ing antarane Ginmardo Kromosoeto (Menteri Tenaga Kerja Suriname), Hendrik Setrowidjojo (Menteri Peternakan dan Perikanan Suriname), H Setrosentono (Kepala Kepolisian Suriname), lan Soewarto Moestadja (Menteri Dalam Negri Suriname). Kakek-neneke Soewarto Moestadja asale saka Kalirancang, Alian, Kabupaten Kebumen, Jawa Tengah

Acara iku dianakake ing Sana Budaya, sawijining pendapa sing nganggo arsitektur joglo duweke Vereniging Herdenking Javaanse Immrigratie (VHJI), yaiku sawijining pakumpulan kanggo pangeling-eling imigrasi Jawa ing Suriname. Sana Budaya pancen papan kanggo kumpule warga Suriname Keturunan Jawa sing jumlahe 15% saka 470.000 jumlah penduduk Suriname.

Ing Sana Budaya ana monumen kanggo mengeti 100 tahun tekaning imigran Jawa ing Suriname sing wujude tugu gunungan. "Saben tanggal 8 Agustus wong-wong pada nganakake pasar malem kanggo mengeti tekaning imigran Jawa kang sepisanan ana ing Suriname. Wong-wong padha nyekar ing gunungan." ature Kim Sontosoemarto (50), pimpinan VHJI.

Sejarahe Imigran Jawa ing Suriname

(diterjemahake saka koran "Kompas", Minggu - 10 Oktober 2010, kaca 1.

3 comments:

Unknown said...

Ngaturake selamet marang warga Suriname. Aku melu seneng. Mugo-mugo warga Suriname biso podho urip makmur, bahagio, ayem tentrem gemah ripah loh jinawi.

Aminudin Zuhairi
Tangerang, Propinsi Banten
Indonesia
Email: aminudin.zuhairi@gmail.com

RADIO SUARA JOMBANG AM said...

kulo warga Jombang Jawa Timur Indonesia ingkang remen sanget marang warga suriname amargi tansah nyengkuyung boso jawa... kagem njalin perseduluran monggo menawi badhe midangetaken radio net Suara Jombang AM saged klik (www.lpplsuarajombangam.co.cc) inggih meniko radio informasi pembangunan budaya lan hiburan

Anonymous said...

kadosipun sanes KAPOLRI SURINAME Mas... Nanging KAPOLSUR (KEPALA POLISI SURINAME)...hehe..