Mbah Marijan, Wong Jowo Paling Kendel

Jawa Suriname. Suriname Jowo. Mbah Marijan, Wong Jowo Paling Kendel

Wong Jowo, wong biasa sing dudu pejabat pemerintah, sing paling misuwur sak jagad, sak ora-orane sak Indonesia, tak kiro ora ana liyane kejobo mbah Marijan. Wong sing praenane lan dandanane ketok njawani banget iki dadi misuwur amarga dheweke wani "nantang" gunung Merapi, Jawa Tengah, nalika tahun 2006 kepungkur gunung iku mbledhos.

Nalika iku kabeh wong padha diungsekke supaya slamet, nanging Mbah Marijan ora gelem dhewe alasane dheweke entuk dhawuh saka Sri Sultan Hamengkubuwono-X almarhum supaya nunggu gunung Merapi. Nyatane Mbah Marijan, ya tetep slamet, mangka wektu iku lahar gunung Merapi ora umum nggegirisi. Tur omahe Mbah Marijan cedhak banget karo lokasi lahar lan gunung Merapi.

Bar kuwi Mbah Marijan terus dadi kondang, nganti dheweke dikontrak karo PT. Sidomuncul, Semarang, kon mbintangi iklan Kuku Bima, minuman kesehatan, bareng karo Chris Jhon, bintang tinju saka Semarang sing dadi juara dunia nganti ping pirang-pirang durung ana sing bisa ngalahke nganti sasi Februari 2009 iki.

Sing tak takokke, kira-kira Mbah Marijan iku nduwe sadulur sing ana ing Suriname apa ora, ya? Sapa ngerti jebule Mbah Marijan duwe sedulur neng kana. Rak, gayeng dadine nek ana sedulure sing ngepasi maca Blog iki terus bisa titip pesen lewat Blog iki. Hayo, ana pora? Nek ana komentara?!!

Nuwun.



Read More..

Sejarahe wong Jawa ing Suriname

Jawa Suriname. Suriname Jawa


Sejarahe Wong Jawa ing Suriname. (Sumber: Wikipedia)

Ing pungkasané abad kaping 19, pamaréntah Walanda sing nduwèni jajahan ing Suriname, Amerika Kidul merlokaké kuli-kuli kanggo nyambut gawé ing perkebunan-perkebunan. Sadurungé pagawéyan iki dilakoni déning para abdi utawa budhak-budhak négro sing asalé saka Afrika. Nanging sawisé pabudhakan dijabel ing tengahing abad kaping 19, wong-wong négro sing diarani wong Kréol Suriname iki padha ninggali perkebunan lan marani kutha-kutha ing Suriname. Kanggo ngganti para kuli perkebunan, wong Walanda njaluk tulung wong Inggris. Suriname iku naté dadi jajahané Britania Raya. Kapisan wong-wong Cina padha ditekakaké. Wong Inggris banjur nekakaké kuli-kuli kontrakan saka India. Nanging wong Walanda pungkasané wedi karo wong Inggris lan ora gelem gumantung karo wong Inggris manèh.

Banjur pamaréntah Walanda nyoba nggantèni utawa nambahi wong-wong India iki sing diarani wong Hindhustan Suriname karo wong-wong saka koloniné Hindhia-Walanda; yaiku wong-wong Jawa. Wong-wong Jawa iki kapisané dijupuk mawa sistèm razzia lan dipeksa dikapalaké menyang Suriname. Nanging pungkasané diwènèhi kontrak sing kudu ditèken, senadyan sajatiné wong-wong sing biasané para tani lan buruh kasar iku tuna aksara.

Tibaké program 'transmigrasi' saka Hindhia-Walanda menyang Suriname iki kalebu suksès. Antara kurang luwih taun 1890 – 1939 ana luwih saka 33.000 jiwa wong Jawa sing digawa menyang Suriname. Menawa Perang Donya II ora pecah, mesthi bakal luwih akèh wong Jawa manèh sing digawa mrana.

Ora kabèh wong Jawa sing digawa menyang Suriname iku kalebu ètnis Jawa. Saliyané wong Jawa uga ana wong-wong Sundha lan Madura saha liya-liyané sing digawa menyang Suriname. Nanging amerga mayoritasé pancèn ètnis wong Jawa, mula akiré kabèh asimilasi dadi wong Jawa.

Yèn dideleng saka asalé, kurang luwih 70% wong Jawa iki asalé saka Jawa Tengah, 20% saka Jawa Wétan lan 10% saka Jawa Kulon. Kurang luwih 90% iku kalebu ètnis Jawa, 5% Sundha, 2,5% Madura lan liya-liyané. Kalebu kategori liya-liyané uga ana wong-wong saka Batavia utawa Jakarta.

Banjur saka wong Jawa iki, mayoritasé asalé saka tlatah Kedhu (Magelang lan saubengé). Bab iki nganti sepréné bisa dideleng ing basa Jawa Suriname sing pancèn mèmper dhéwé karo dhialèk Kedhu. Basa-basa liyané saiki wis mèh ora dipituturaké manèh déning wong Sundha, Madura lan liya-liyané. Basa-basa iki uga ora ngwèhi pengaruh ing ragam basa Jawa Suriname. Ing basa Jawa Suriname namung ana sawetara tembung-tembung Melayu, nanging tembung-tembung iki uga wis ana ing basa Jawa ing Tanah Jawa dhéwé sadurungé digawa menyang Suriname.
0O0
Read More..

Jawa Asli




Read More..