Udan Salah Mangsa ing Tanah Jawa

Jawa Suriname. Suriname Jawa.

Para sadulur kabeh, sing ana ing tanah Jawa utawa sing ana ing Suriname, saiki ing tanah Jawa kayane lagi ngalami apa sing
diarani udan salah mangsa. Tak arani mangkono amarga ing wulan Juni iku yen manut "aturan" kuduna wis ora ana udan wayah esuk. Ananging, nyatane nalika dina Rabu, tanggal 9 Juni 2009 wingi isih ana udan ing wayah esuk.

Sasi April nganti Oktober iku kudune mangsa ketiga. Ora ana udan. Yen ana udan biasane ya mung sesasi pisan. Iku nalika aku isih cilik. Kurang luwih tahun 1970-an. Nganti tahun 1990-an sing tak ngerteni uga isih kaya mangkono iku.

Nanging tahun 2000-nan iki rumangsaku, koq, wis ora kaya sing sakudune. Tanggal 8 Juli 2010, nalika aku nggawe tulisan iki wae
isih ana udan wayah awan. Apa iki sing diarani udan salah mangsa utawa sing basa Inggrise diarani Climate Change.

Yen pancen wis kaya mangkono iku, awake dhewe banjur kudu kepiye? Tak kira ora bisa yen awake dhewe namung meneng wae. Amarga Climate Change iku akibate akeh banget kanggo umat manungsa.

ANA SAMBUNGANE....

LivClean.ca - Residential Carbon Neutral Program
Read More..

Peta Jawa Suriname

Peta Jawa Suriname.


Yen sampeyan gatekke gambar peta ndhuwur iki, kira-kira apa sing sampeyan pikirke? Yen aku dadine jengkel karo Londo sing mbiyen nggawa kanca, sedulur, malah mbok menowo nenek-moyange awake dhewe, Wong Jawa sing padha dipeksa dadi budhake Londo neng Suriname.

Perkara saiki Wong Jawa sing neng Suriname iku, jarene, wis padha makmur, iku urusan liya maneh. Ning sing jenenge meksa wong liya kudu dadi budhak iku rak kena diarani ora cocok karo rasa kamanungsan.

Lha piye coba. Saiki Wong Jawa sing padha digawa pekso neng Suriname iku lak ya banjur padha pedhot hubungane karo bojo, kanca, wong tuwa, anak-putu, lan sedulur-sedulure. Kira-kira kahanan rikala semono iku terus kepiye coba..??!!

Sadurunge nggawe Blog Jawa Suriname - Suriname Jawa iki, aku ora pati mudheng sakjane negara Suriname iku pase neng ngendi. Nanging amarga aku pengin nduduhake marang sampeyan kabeh, aku banjur mbukak Google Map. Eee.., jebule Suriname iku ana ing ndhuwure utawa sebelah lore Brazil. Adoh banget. Tak kiro neng dhaerah Afrika kono.

Coba sampeyan gatekke peta sing ngisor dhewe. Neng kono ana dhaerah sing jenenge Taman Redjo (yen kurang cetha, coba di-klik pas nggon gambare utawa photone). Tak kira yen basa Londo utawa basa Suriname ora ana sing kaya ngono iku.

Dadi, ya kira-kira pancen bener yen neng Suriname iku akeh wong sing saka tanah Jawa. Buktine neng kana nganti ana panggonan sing dijenengi Taman Redjo.

Kira-kira apa sing jenenge Taman Redjo iku ya rejo tenan, ya. Kapan awake dhewe bisa dolan mrana, terus nembang campur-sari bareng karo wong Suriname. Sapa ngerti jebule neng kana malah ketemu karo nenek moyange awake dhewe. Sapa ngerti? Iya, ta?


Jawa Suriname.
Read More..

Jamane Jaman Edan?

Wis tau krungu kerata basa iki: "Jamane Jaman Edan, Nek Ra Ngedan Ra Keduman?" Tak kira kabeh wong Jawa wis tau krungu kerata basa iku. Nanging, mbok menawa sampeyan ora ngerti yen koyo ngono iku jenenge kerata basa. Sak ngertiku ukara kaya ngono iku jenenge kerata basa. Nanging apa bener kerata basa apa ora, aku ya ora yakin tenan. Ya, wis. Ora perlu dimasalahke. Sing penting saiki ngomongke intine wae.
Jawa Suriname. Suriname Jawa.
Kanggoku kerata basa iki pas banget kanggone jaman iki. Jaman iki pancen wis ora karu-karuan. Sing bener malah dadi salah. Sing salah malah dianggep bener. Wong salah ora gelem ngaku salah. Nyolong dhuwite negara ora tanggung-tanggung. Ora nduwe isin. Ngakune wong nduwe agama, sembahyange ora tau keri, ora tau telat, nanging nyatane tingkahe ora ngetokke babar blas yen dheweke iku wong sing nduweni agama. Ya kaya ngono iku kanggoku wis isa diarani jaman edan. Jawa Suriname. Suriname Jawa

Buktine jaman edan, ya kuwi mau, korupsi sak karepe dhewe, mangka kudune sing jenenge pimpinan, wakil rakyat, pejabat pemerintah iku mikirke rakyat, menehi conto, lan wani korban kanggo rakyate. Pancen bener gelem korban kanggo rakyat, nanging anggone korban mung yen duwe karep utawa pamrih.

Coba gatekno calon-calon presiden utawa partai-partai yen kampanye nanggon TV. Utawa para calon Bupati, Gubernur, DPR, lan sak panunggalane. Sing ngedum kaos, bantuan kanggo mbangun dalan, lan liya-liyane. Kabeh mau dilakoni yen arep pilihan. Yen wis bubar pilihan... mbuh, ra weruh... Kira-kira terus mikir carane piye mbalekke "modale".....

Ana sambungane....

Jawa Suriname. Suriname Jawa
Read More..

Mbah Marijan, Wong Jowo Paling Kendel

Jawa Suriname. Suriname Jowo. Mbah Marijan, Wong Jowo Paling Kendel

Wong Jowo, wong biasa sing dudu pejabat pemerintah, sing paling misuwur sak jagad, sak ora-orane sak Indonesia, tak kiro ora ana liyane kejobo mbah Marijan. Wong sing praenane lan dandanane ketok njawani banget iki dadi misuwur amarga dheweke wani "nantang" gunung Merapi, Jawa Tengah, nalika tahun 2006 kepungkur gunung iku mbledhos.

Nalika iku kabeh wong padha diungsekke supaya slamet, nanging Mbah Marijan ora gelem dhewe alasane dheweke entuk dhawuh saka Sri Sultan Hamengkubuwono-X almarhum supaya nunggu gunung Merapi. Nyatane Mbah Marijan, ya tetep slamet, mangka wektu iku lahar gunung Merapi ora umum nggegirisi. Tur omahe Mbah Marijan cedhak banget karo lokasi lahar lan gunung Merapi.

Bar kuwi Mbah Marijan terus dadi kondang, nganti dheweke dikontrak karo PT. Sidomuncul, Semarang, kon mbintangi iklan Kuku Bima, minuman kesehatan, bareng karo Chris Jhon, bintang tinju saka Semarang sing dadi juara dunia nganti ping pirang-pirang durung ana sing bisa ngalahke nganti sasi Februari 2009 iki.

Sing tak takokke, kira-kira Mbah Marijan iku nduwe sadulur sing ana ing Suriname apa ora, ya? Sapa ngerti jebule Mbah Marijan duwe sedulur neng kana. Rak, gayeng dadine nek ana sedulure sing ngepasi maca Blog iki terus bisa titip pesen lewat Blog iki. Hayo, ana pora? Nek ana komentara?!!

Nuwun.



Read More..

Sejarahe wong Jawa ing Suriname

Jawa Suriname. Suriname Jawa


Sejarahe Wong Jawa ing Suriname. (Sumber: Wikipedia)

Ing pungkasané abad kaping 19, pamaréntah Walanda sing nduwèni jajahan ing Suriname, Amerika Kidul merlokaké kuli-kuli kanggo nyambut gawé ing perkebunan-perkebunan. Sadurungé pagawéyan iki dilakoni déning para abdi utawa budhak-budhak négro sing asalé saka Afrika. Nanging sawisé pabudhakan dijabel ing tengahing abad kaping 19, wong-wong négro sing diarani wong Kréol Suriname iki padha ninggali perkebunan lan marani kutha-kutha ing Suriname. Kanggo ngganti para kuli perkebunan, wong Walanda njaluk tulung wong Inggris. Suriname iku naté dadi jajahané Britania Raya. Kapisan wong-wong Cina padha ditekakaké. Wong Inggris banjur nekakaké kuli-kuli kontrakan saka India. Nanging wong Walanda pungkasané wedi karo wong Inggris lan ora gelem gumantung karo wong Inggris manèh.

Banjur pamaréntah Walanda nyoba nggantèni utawa nambahi wong-wong India iki sing diarani wong Hindhustan Suriname karo wong-wong saka koloniné Hindhia-Walanda; yaiku wong-wong Jawa. Wong-wong Jawa iki kapisané dijupuk mawa sistèm razzia lan dipeksa dikapalaké menyang Suriname. Nanging pungkasané diwènèhi kontrak sing kudu ditèken, senadyan sajatiné wong-wong sing biasané para tani lan buruh kasar iku tuna aksara.

Tibaké program 'transmigrasi' saka Hindhia-Walanda menyang Suriname iki kalebu suksès. Antara kurang luwih taun 1890 – 1939 ana luwih saka 33.000 jiwa wong Jawa sing digawa menyang Suriname. Menawa Perang Donya II ora pecah, mesthi bakal luwih akèh wong Jawa manèh sing digawa mrana.

Ora kabèh wong Jawa sing digawa menyang Suriname iku kalebu ètnis Jawa. Saliyané wong Jawa uga ana wong-wong Sundha lan Madura saha liya-liyané sing digawa menyang Suriname. Nanging amerga mayoritasé pancèn ètnis wong Jawa, mula akiré kabèh asimilasi dadi wong Jawa.

Yèn dideleng saka asalé, kurang luwih 70% wong Jawa iki asalé saka Jawa Tengah, 20% saka Jawa Wétan lan 10% saka Jawa Kulon. Kurang luwih 90% iku kalebu ètnis Jawa, 5% Sundha, 2,5% Madura lan liya-liyané. Kalebu kategori liya-liyané uga ana wong-wong saka Batavia utawa Jakarta.

Banjur saka wong Jawa iki, mayoritasé asalé saka tlatah Kedhu (Magelang lan saubengé). Bab iki nganti sepréné bisa dideleng ing basa Jawa Suriname sing pancèn mèmper dhéwé karo dhialèk Kedhu. Basa-basa liyané saiki wis mèh ora dipituturaké manèh déning wong Sundha, Madura lan liya-liyané. Basa-basa iki uga ora ngwèhi pengaruh ing ragam basa Jawa Suriname. Ing basa Jawa Suriname namung ana sawetara tembung-tembung Melayu, nanging tembung-tembung iki uga wis ana ing basa Jawa ing Tanah Jawa dhéwé sadurungé digawa menyang Suriname.
0O0
Read More..

Jawa Asli




Read More..