Udan Salah Mangsa ing Tanah Jawa

Jawa Suriname. Suriname Jawa.

Para sadulur kabeh, sing ana ing tanah Jawa utawa sing ana ing Suriname, saiki ing tanah Jawa kayane lagi ngalami apa sing
diarani udan salah mangsa. Tak arani mangkono amarga ing wulan Juni iku yen manut "aturan" kuduna wis ora ana udan wayah esuk. Ananging, nyatane nalika dina Rabu, tanggal 9 Juni 2009 wingi isih ana udan ing wayah esuk.

Sasi April nganti Oktober iku kudune mangsa ketiga. Ora ana udan. Yen ana udan biasane ya mung sesasi pisan. Iku nalika aku isih cilik. Kurang luwih tahun 1970-an. Nganti tahun 1990-an sing tak ngerteni uga isih kaya mangkono iku.

Nanging tahun 2000-nan iki rumangsaku, koq, wis ora kaya sing sakudune. Tanggal 8 Juli 2010, nalika aku nggawe tulisan iki wae
isih ana udan wayah awan. Apa iki sing diarani udan salah mangsa utawa sing basa Inggrise diarani Climate Change.

Yen pancen wis kaya mangkono iku, awake dhewe banjur kudu kepiye? Tak kira ora bisa yen awake dhewe namung meneng wae. Amarga Climate Change iku akibate akeh banget kanggo umat manungsa.

ANA SAMBUNGANE....

LivClean.ca - Residential Carbon Neutral Program

3 comments:

Oom Yon said...

Nuwun sewu aku mau nggoleki buku tamu blog iki nanging kok ora isa dibukak. Lan aku ora ngerti apa blog iki kagungane sedulur sing lenggah ing Suriname apa neng Jawa. Nanging ketoke kok seka Suriname. Aku seneng banget bisa nemu blog paseduluran jawa - suriname. Arepa adoh, ning balunge ya isa ngumpul liwat internet.

Dene yen para sedulur ing Suriname kersa, mangga uga tak aturi padha nggabung kumpul ini Facebook Kawruh Jawa ing link iki : http://www.facebook.com/index.php?lh=46e519f08e88bb5a18f2f920838da027&#/group.php?v=wall&gid=177472633491

Muga-muga bisa ketemu kadang maneh ing grup mau.

Matur nuwun.

Oom Yon
Bekasi & Surakarta

Sugeng Kariyodiharjo said...

Lagi wae aku mbukak blogku kok nemoni gendera Suriname, tegese ana sedulur saka Suriname mbukak blogku. Aku kepingin sesambungan karo sedulur-sedulur sing ana ing Suriname. Yen sedulur-sedulur ing Suriname kersa, dak aturi mbukak blogku : http://nguripuripbasajawa.blogspot.com.
Matur nuwun.

Hendri Ey said...

Salam kenal ae kangge poro sedulur sing wonten pulau jawa utawi wonten negoro suriname, saking kulo Hendri wonten Lampung

sami mampir nggeh
http://www.uniktidakunik.blogspot.com