Wong Jawa Kelangan "Gesang"




Wong Jawa ing tahun 2010 iki kelangan salah sawijining warga sing paling pinter ngarang lagu kroncong. Sapa maneh yen ora Gesang, pria sing lahir tgl siji Oktober 1917 iku tilar donya nalika dina Kamis, 20 Mei 2010.


Tak kira ora mung wong Jawa sing rumangsa kelangan panjenengane Bapa Gesang, nanging uga para sadulur warga keturunan Jawa sing ana ing Suriname uga rumangsa kelangan, awit panjengenane Bapa Gesang kabare uga kesuwur banget ana ing Suriname amarga lagu-lagune. Lagu sing paling kesuwur ing antarane yaiku lagu Bengawan Solo, Pamitan, Caping Gunung, Luntur, lan sak panunggalane.

Lagu Bengawan Solo karangane Gesang iki kabare wis diterjemahke nganggo 13 basa, ing antarane basa Inggris, Jepang, Mandarin lan liya-liyane. Saking gedhene bhektine Gesang kanggo nagoro, Jaya Suprana, sing duwe pabrik jamu "Jamu Djago" malah ngusulake yen panjenengane Bapa Gesang pantes banget yen klebu Pahlawan Nasional kanggone bangsa Indonesia.

Tak kira ora mung Jaya Suprana, wong Jawa (lan warga Indonesia) liyane uga setuju panjenengane Bapa Gesang diangkat dadi Pahlawan Nasional. Para sadulur ing Suriname keturunan Jawa sing seneng karo lagu-lagune Gesang tak kira ya bakal setuju.

Yen miturut sampeyan kepriye? Apa pantes Bapa Gesang diangkat dadi Pahlawan Nasional?

foto Gesang dijupuk saka www.jimmyau.com

2 comments:

Sayap Nusantara said...

Please download and listen Bengawan Solo that I rearrangement, special as a tribute to mr. Gesang at http://sayapnusantara.blogspot.com/

Syair Gending Jawa said...

Ing ndonya iki nora gampang nggoleki tinggalane Mbah Gesang kang tansah sarwa prasaja.