Showing posts with label pitutur. Show all posts
Showing posts with label pitutur. Show all posts

Pitutur Jawa Maneka Warna, Tan Ana Liya

Pitutur Jawa iku ana maneka warna, komplit lan ampuh utawa jero banget maknane. Ing antarene sing akeh iku, ing ngisor iki tak tuliske sithik. Muga-muga ana gunane kanggo sampeyan. 

Yen sampeyan ngerti utawa nduwe pitutur Jawa liyane, tak suwun sampeyan kersa paring pitutur iku ana ing Blog Jawa-Suriname_Suriname-Jawa iki. Matur nuwun.

"Aja Adigang, Adigung, Adiguna"
"Aja dumeh".
"Aja gumunan, aja getunan, aja kagetan, aja aleman"
"Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan lan kemareman" 
"Aja kuminter mundak keblinger, aja cidra mundak cilaka, sing was-was tiwas"
"Aja milik barang kang melok, aja mangro mundak kendo" 
"Ajining raga gumantung ana ing busana, ajining dhiri dumunung ana ing lathi".
"Alon-alon waton kelakon".
"Ana rembug, dirembug".

"Becik ketitik, ala ketara".

"Dadio godhong emoh nyuwek. Dadio banyu emoh nyawuk".
"Dhemit ora ndulit, setan ora doyan".
"Datan serik lamun ketaman, datan susah lamun kelangan"

"Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani".

"Jer basuki mawa bea".
"Jopa-japu nambani turuk asu. Mari karepmu, ora mari karepmu".

"Memayu hayuning bawana, ambrasta dur hangkara"

"Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake".

"Ora ubet, ora ngliwet".

"Sekti tanpa aji-aji, sugih tanpa bandha"
"Sepi ing pamrih rame ing gawe, banter tan mbancangi, dhuwur tan ngungkuli"
"Sing prihatin bakal mimpin"
"Sing resik uripe bakal mulya"
"Sing sabar lan ngalah dadi kekasih Allah"
"Sing salah bakal seleh".
"Suradira jayaningrat, lebur dening pangastuti".

"Tamba teka, lara lunga".

"Urip iku urup"

"Yen wedi aja wani-wani, yen wani aja wedi-wedi".

.
Read More..

Ja Pada Nelangsa. Pituture Koes Plus

Uripe nelangsa? Ra usah kokehan nggresula, ya... Awit jaman semana, urip iku ya pancen kaya mangkono iku. Urip iku sakjane ora angel, koq... sing angel iku anggone golek duit... ya, pora?

Seprana-seprenen urip iku, ya pancen rekasa... pengin bukti? Coba gatekna syair lagune Koes Plus ing ngisor iki. Lagu iki digawe tahun 70-an, ta..? Yen ngono awit tahun 70-an urip iku ya pancen wis angel...

Nanging apa uwong iku pengin rekasa terus... lak ya ora ta... kepingine ya mesthi bisa urip mulya. Banjur carane kepriye?

Nyambut gawe sing temen... miturut Koes Plus, lho... nanging yen miturutku, temen thok ora cukup... Temen tur cerdas... Ora rekasa ning duite akeh.... he he ...

Carane piye? Nyobaa dadi Blogger... Awit tahun 2010 ini aku wis mulai ngundhuh hasile... Wayah turu wae entuk duit... atusan dollar, lho... Ra percaya? Nek aku percaya...
-----------------

"Ja padha nelangsa" (Koes Plus)

Ja padha nelangsa
jamane-jaman rekasa

Urip pancen angel
kudune ra usah ngomel

Ati kudu tentrem
nyambut gawe karo seneng

Ulat aja peteng
Nek dikongkon ya sing temen

Lah, apa ta kanca
ati kerep lara
ra gelem rekasa
mbudi-daya

Pancen kabeh pada
pengin urip mulya
wiwitan rekasa
pancen nyata...

***

Read More..