Pitutur Jawa Maneka Warna, Tan Ana Liya

Pitutur Jawa iku ana maneka warna, komplit lan ampuh utawa jero banget maknane. Ing antarene sing akeh iku, ing ngisor iki tak tuliske sithik. Muga-muga ana gunane kanggo sampeyan. 

Yen sampeyan ngerti utawa nduwe pitutur Jawa liyane, tak suwun sampeyan kersa paring pitutur iku ana ing Blog Jawa-Suriname_Suriname-Jawa iki. Matur nuwun.

"Aja Adigang, Adigung, Adiguna"
"Aja dumeh".
"Aja gumunan, aja getunan, aja kagetan, aja aleman"
"Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan lan kemareman" 
"Aja kuminter mundak keblinger, aja cidra mundak cilaka, sing was-was tiwas"
"Aja milik barang kang melok, aja mangro mundak kendo" 
"Ajining raga gumantung ana ing busana, ajining dhiri dumunung ana ing lathi".
"Alon-alon waton kelakon".
"Ana rembug, dirembug".

"Becik ketitik, ala ketara".

"Dadio godhong emoh nyuwek. Dadio banyu emoh nyawuk".
"Dhemit ora ndulit, setan ora doyan".
"Datan serik lamun ketaman, datan susah lamun kelangan"

"Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani".

"Jer basuki mawa bea".
"Jopa-japu nambani turuk asu. Mari karepmu, ora mari karepmu".

"Memayu hayuning bawana, ambrasta dur hangkara"

"Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake".

"Ora ubet, ora ngliwet".

"Sekti tanpa aji-aji, sugih tanpa bandha"
"Sepi ing pamrih rame ing gawe, banter tan mbancangi, dhuwur tan ngungkuli"
"Sing prihatin bakal mimpin"
"Sing resik uripe bakal mulya"
"Sing sabar lan ngalah dadi kekasih Allah"
"Sing salah bakal seleh".
"Suradira jayaningrat, lebur dening pangastuti".

"Tamba teka, lara lunga".

"Urip iku urup"

"Yen wedi aja wani-wani, yen wani aja wedi-wedi".

.

34 comments:

Dikin said...

Gunung jungkur segoro asat

Stanley Sutrisno said...

Gunung jungkur, apa gunung jugrug, ya Mas..?!

Nuwun.

aregoesaceh8 said...

"Gunung Jugrug Segoro Asat"
"Kere Mugah Mbale"
"Ngono Yo Ngono, Ning Ojo Ngono"
"Dadio Nini Lan Mintuno"

Sak Enenge Blog's said...
This comment has been removed by the author.
Sak Enenge Blog's said...

apik tenan iki..... nunut ngglethak yo kang............

m said...

tresno jalaran soko kulino

m said...

tresno jalaran soko kulino
ati karep, bondo cupet

m said...

tresno jalaran soko kulino
ati karep bondo cupet

sigitWonogiri said...

Ojo waton ngomong, yen ngomong kudu nganggo waton

sigitWonogiri said...

Tatag, teteg, tutug, temen, tinemu

sigitWonogiri said...

didadhungo mberot, dipalango mlumpat (nggambarake wong kang wis kuwat niyate utawa wong kang wis nekat)

sigitWonogiri said...

"nglurug tanpa bala"
"menang tanpa ngasorake"
"mangan tanpa mbayar"
(he..he.. sing keri dewe iki guyonan, ojo dicakke/don't do it)

sigitWonogiri said...

"jaya jaya wijayanti"
"ngilmu iku kalakone kanthi laku"
"Kodhok kudu biso ngemuli lenge"
"ngangsu banyu apikulan warih"
"rawe-rawe rantas, malang-malang putung"

sigitWonogiri said...

salam songko wonogiri jawa tengah indonesia (eks karisidenan solo)

Zia Ade Achmad said...

ojo angger jeplak, waton ngomong.
tunggak jarak mrajak-tunggak jati mati,
sing salah kudune seleh, eeeee laa-kok malah ngeyel,

sing duwe dugo too???????

tresno iku abot sanggane.......

ber----budi bowo leksono
aku tresno marang dulurku sing ono suriname, salam.......
yen sampean neng Jowo mampiro neng omahku, jln.kyai mojo 56,kel.kauman,kec ponorogo,kab.ponorogo, 0352462231

Zia Ade Achmad said...

jenengku, pak achmad
kulon alon-alon ponorogo
watoro 200m cedak kok .

Zia Ade Achmad said...

meling yoooooo

kagem pak menteri pendidikan,,....
kulo gadah buku damel sinau baca tulis permulaan,dengan metode sas
isi namung 80 lembar, gampil sangat damel sinau moco, kususe baca tulis bahasa indonesia akses kemawoncoctonipun :http://metode sas blogspot.com.

"kesebelasan abi menang tipis,dengan umpan-umpan pendek.

Zia Ade Achmad said...

dulure lanang buyutku ugo melu digowo kumpeni, jenenge anom dipuro, alamat biyen: ds.jeblog,ketawang, kec.dolopo,kab madiun,indonesia , sampai sak iki ora ono kabar, yenono dulur kene tau di dongengi ,crito kimo kabar , marang aku, aku neng ponorogo, pak. achmad

Zia Ade Achmad said...

aku hanya berpesan jadilah orang jawa yang berjiwa besar, aku bangga dengan anda, ayamg masih mempertahankan nilai jawa leluhur, sedang orang jawa yang ada di indonesia , ruapanya sudah tidak bangga jadi orang jawa
andaikan aku orang berada........
.................................
untuk anak muda tolong ada yang kuliah di jogja, sambil mendalami nilai-nilai jawa

aEd said...

rejeg tai luwih kuat tinimbang rajeg wesi.wong kang gelem uwur karo tangga teparo arep dijaga karo tanggane, tinimbang rajeg kang nganggo wesi ora gelem awor karo tanggane

didi said...

wah aku wong jowo lahir sumatra, ora ngerti tenan bahasa jawa opo maneh parian. salam kanggo sedulur neng suriname

Anonymous said...

Sumatera ne ngendi kang, aku wong jowo lahir neng lampung, bapak kediri ma2ku banyuwangi, mbah Ku neng lampung ket jaman kompeni (londo),

Unknown said...

Ojo gumunan, ojo kagetan, ojo dumeh, wong jowo pancen, oye....he..he..seneng iso ketemu wong jowo sing manngon nang luar negeri...salam teko Indonesia..

yayukpy said...
This comment has been removed by the author.
yayukpy said...
This comment has been removed by the author.
yayukpy said...

sopo sing suci bakal adoh soko beboyo..
sopo was bakal tiwas..

Harun Ar said...

Ajining diri ono ing lati, Ajining sariro ono ing busono.
Jan marem tenan aku ketemu wong Jowo Suriname iki. Matur Nuwun. Salam teko Sumatera Selatan

pujiyanto said...

rawe-rawe rantas malang-malang putung

seneng tenan aku biso ketemu karo web iki dadi ngeraket ake seduluran antarane wong jowo nang surineme lan sing nang tanah jowo, salam kenal seko aku wong purworejo, sebelah kulone yogja, jowo tengah,

Anonymous said...

Sedulur, sugeng pitepangan karo aku, asli sragen (sukowati).
Opo ono sedulur jawa suriname sing duweni asal soko sragen (sukowati)?

Unknown said...

Papan lan empan,,nyuwun sewu sedulur punapa kagungan akun facebook inggih

oetamaservice said...

Kitab Musasar Joyoboyo

Asmarandana :

Kitab Musarar inganggit, Duk Sang Prabu Joyoboyo, Ing Kediri kedhatone, Ratu agagah prakosa, Tan ana kang malanga, Parang muka samya teluk, Pan sami ajrih sedaya,
Milane sinungan sakti, Bathara Wisnu punika, Anitis ana ing kene, Ing Sang Prabu Jayabaya, Nalikane mangkana, Pan jumeneng Ratu Agung, Abala para Narendra,
Wusnya mangkana winarni, Lami-lami apeputra, Jalu apekik putrane, Apanta sampun diwasa, Ingadekaken raja, Pagedongan tanahipun, Langkung arja kang nagara,
Maksihe bapa anenggih, Langkung suka ingkang rama, Sang Prabu Jayabayane, Duk samana cinarita, Pan arsa katamiyan, Raja Pandita saking Rum, Nama Sultan Maolana,
Ngali Samsujen kang nami, Sapraptane sinambrama, Kalawan pangabektine, Kalangkung sinuba suba, Rehning tamiyan raja, Lan seje jinis puniku, Wenang lamun ngurmatana.
Wus lenggah atata sami, Nuli wau angandika, Jeng Sultan Ngali Samsujen, “Heh Sang Prabu Jayabaya, Tatkalane ta iya, Apitutur ing sireku, Kandhane Kitab Musarar.
Prakara tingkahe nenggih, Kari ping telu lan para, Nuli cupet keprabone, Dene ta nuli sinelan, Liyane teka para,” Sang Prabu lajeng andeku, Wus wikan titah Bathara.
Lajeng angguru sayekti, Sang-a Prabu Jayabaya, Mring Sang raja panditane, Rasane Kitab Musarar, Wus tunumplak sadaya, Lan enget wewangenipun, Yen kantun nitis ping tiga.
Benjing pinernahken nenggih, Sang-a Prabu Jayabaya, Aneng sajroning tekene, Ing guru Sang-a Pandita, Tinilar aneng Kakbah, Imam Supingi kang nggadhuh, Kinarya nginggahken kutbah.
Ecis wesi Udharati, Ing tembe ana Molana, Pan cucu Rasul jatine, Alunga mring Tanah Jawa, Nggawa ecis punika, Kinarya dhuwung puniku, Dadi pundhen bekel Jawa.
Raja Pandita apamit, Musna saking palenggahan, Tan antara ing lamine, Pan wus jangkep ing sewulan, Kondure Sang Pandita, Kocapa wau Sang Prabu, Animbali ingkang putra.
Tan adangu nulya prapti, Apan ta lajeng binekta, Mring kang rama ing lampahe, Minggah dhateng ardi Padhang, Kang putra lan keng rama, Sakpraptanira ing gunung, Minggah samdyaning arga.
Wonten ta ajar satunggil, Anama Ajar Subrata, Pan arsa methuk lampahe, Mring Sang Prabu Jayabaya, Ratu kang namur lampah, Tur titis Bathara Wisnu, Njalma Prabu Jayabaya
Dadya Sang Jayabaya ji, Waspada reh samar-samar, Kinawruhan sadurunge, Lakune jagad karana, Tindake raja-raja, Saturute laku putus, Kalawan gaib sasmita.
Yen Islama kadi nabi, Ri Sang aji Jayabaya, Cangkrameng ardi wus suwe, Apanggih lawan ki Ajar, Ajar ing gunung Padhang, Awindon tapane guntur, Dadi barang kang cinipta.
Gupuh methuk ngacarahi, Wus tata dennya alenggah, Ajar angundang endhange, Siji nyunggi kang rampadan, Isine warna-warna, Sapta wara kang sesuguh, Kawolu lawan ni endang.
Juwadah kehe satakir, Lan bawang putih satalam, Kembang melathi saconthong, Kalawan getih sapitrah, Lawan kunir sarimpang, Lawan kajar sawit iku, Kang saconthong kembang mojar.
Kawolu endang sawiji, Ki Ajar pan atur sembah, “Punika sugataningong, Katura dhateng paduka,” Sang Prabu Jayabaya, Awas denira andulu, Sedhet anarik curiga.
Ginoco ki Ajar mati, Endhange tinuweg pejah, Dhuwung sinarungken age, Cantrike sami lumajar, Ajrih dateng sang nata, Sang Rajaputra gegetun, Mulat solahe kang rama.
Arsa matur putra ajrih, Lajeng kondur sekaliyan, Sapraptanira kedhaton, Pinarak lan ingkang putra, Sumiwi muriggweng ngarsa, Angandika Sang-a Prabu, Jayabaya mring kang putra.
Heh putraningsun ta kaki, Sira wruh solahing Ayea, lya kang mati dening ngong, Adosa mring guruningwang, Jeng Sultan Maolana, Ngali Samsujen ta iku, Duk maksih sami nom-noman.

eddy susilo said...

matur suwun sampun di damelaken blog ipun kulo mahasiswa jawa wonten pulo kalimantan wetan

Unknown said...

Mangan kupat jangan santen,menawi lepat nyuwun ngapunten..tulkiyem kesrumbat klopo,cukup semanten atur kawulo...salam saking bocah semarang...

Anonymous said...

Jaman edan sing ora edan ora keduman,isih bejo wong sing eling lan waspodho.kulo tiyang nga newyorkarto hadiningrat.