Busana Jawa Ora Bakal Luntur

Busana Jawa kayane ora bakal luntur, apa maneh ilang saka ing kabudayan Jawa. Sanadyan Wong Jawa saiki wis bisa diarani modern, ananging para priyayi Jawa isih ngugemi kabudayane, khususe busana.

Busana Jawa kaya ing photo sebelah iki biasane dienggo sajrone acara-acara resmi, kayata mantenan, sunatan, mreti dhusun, wayangan, lan liya-liyane. Ana ing acara Mis Suci agama Katholik ing Jawa Tengah uga kadang-kala nganggo busana Jawa kaya mangkono iku. Sing mesthi, ing Kraton Solo lan Kraton Yoja Busana Jawa ora bakal ilang.

Yen dirasakake, Busana Jawa iku pancen mujudake salah sawijining kabudayan Jawa sing adiluhung. Awit saka Blangkon sing dienggo ana ing sirah, banjur Keris, nganti sandal utawa tlumpakan sing diagem ana ing sikil utawa suku, kayane ngemu teges sing luhur. Apa sebabe keris dienggo ana mburi? Jarene ngemu teges dhewe. Ananging aku ora mangerti.

Yen sampeyan bisa menehi ngerti tegese Busana Jawa siji-mbaka-siji, tak sumanggakake nanggapi tulisanku iki ana Blog "Jawa-Suriname_Suriname-Jawa" iki. Sadurunge aku ngaturake matur nuwun. Ora lali, aku ngajak sampeyan kabeh, ayo padha nglestarekake kabudayan Jawa, sing salah sawijine yaiku Busana Jawa. Yen ora awake dhewe sing nglestarekake, lan nggawe luwih maju, banjur sapa maneh? Sumangga..!!

Photo ing ndhuwur iki kajupuk sarana ijin saka ing Blog "Stanley's Photo Gallery".

.

4 comments:

trie said...

gagasan kanggo udari teges busana jawa siji baka sawijine perlu kula dukung. mengkeh menawi kula saged udari kula wartaaken wonten forum menika.

Unknown said...

kulo mboten saget ngomong jowo alus lancar, paklek. ngoko suroboyoan pripun? pareng nopo mboten?

mene lek wes nduwe duet kate dolan nak suriname,nyuwun dongane nggih !

Unknown said...

Budoyo lan boso Jowo ora bakal ngilang ing donya iki nganthi kiyamat teka

Supriyadi Pro said...

Seneng rasane yen reti Basa Jawa isih ana kang nganggo komunikasi, arepa mung tulisan.
Sugeng siyang sedulur sedaya.