Peta Jawa Suriname

Peta Jawa Suriname.


Yen sampeyan gatekke gambar peta ndhuwur iki, kira-kira apa sing sampeyan pikirke? Yen aku dadine jengkel karo Londo sing mbiyen nggawa kanca, sedulur, malah mbok menowo nenek-moyange awake dhewe, Wong Jawa sing padha dipeksa dadi budhake Londo neng Suriname.

Perkara saiki Wong Jawa sing neng Suriname iku, jarene, wis padha makmur, iku urusan liya maneh. Ning sing jenenge meksa wong liya kudu dadi budhak iku rak kena diarani ora cocok karo rasa kamanungsan.

Lha piye coba. Saiki Wong Jawa sing padha digawa pekso neng Suriname iku lak ya banjur padha pedhot hubungane karo bojo, kanca, wong tuwa, anak-putu, lan sedulur-sedulure. Kira-kira kahanan rikala semono iku terus kepiye coba..??!!

Sadurunge nggawe Blog Jawa Suriname - Suriname Jawa iki, aku ora pati mudheng sakjane negara Suriname iku pase neng ngendi. Nanging amarga aku pengin nduduhake marang sampeyan kabeh, aku banjur mbukak Google Map. Eee.., jebule Suriname iku ana ing ndhuwure utawa sebelah lore Brazil. Adoh banget. Tak kiro neng dhaerah Afrika kono.

Coba sampeyan gatekke peta sing ngisor dhewe. Neng kono ana dhaerah sing jenenge Taman Redjo (yen kurang cetha, coba di-klik pas nggon gambare utawa photone). Tak kira yen basa Londo utawa basa Suriname ora ana sing kaya ngono iku.

Dadi, ya kira-kira pancen bener yen neng Suriname iku akeh wong sing saka tanah Jawa. Buktine neng kana nganti ana panggonan sing dijenengi Taman Redjo.

Kira-kira apa sing jenenge Taman Redjo iku ya rejo tenan, ya. Kapan awake dhewe bisa dolan mrana, terus nembang campur-sari bareng karo wong Suriname. Sapa ngerti jebule neng kana malah ketemu karo nenek moyange awake dhewe. Sapa ngerti? Iya, ta?


Jawa Suriname.

35 comments:

Anonymous said...

Maturnuwun informasine, Mas.

memoarsangguru said...

yo ngono iku 'dapure' wong londo. awake dhewe yo ngono pisan. seneng dijajah sampek saiki. soale dijajah 350 tahun jek kurang suwi.

ning said...

jujur...wis sw aq pingin ngerti okeh masalah jawa suriname

soero said...

apik tenan iki infone
aku wis tau krungu radio garuda suriname, pancen srada beda karo basa jawa sing dienggo ing tanah Jawa.

senadyan kepiye wae wong jawa ing suriname yo tetep sedulur. ya tho?

Jrink Hetfield said...

kulanuwun, ndherek nepangaken nggih... aku seneng bisa mampir nang blog panjenengan, awit bisa entuk keterangan utawa gambaran babagan kahanan negara suriname lan utamane kahanane para sedulur ing kana. Yowis ben yen jaman biyen Kumpeni (he3)kuwi tukang mulasara lan sengsarane wong2 tanah jawa, bokmenawa kuwi wis ginaris. Minangka panutup, muga2 lumantar blog iki bisa nglanggengake paseduluran, lan yen ana wektu tak aturi pinarak nang nggonku raketang "omahku elek, he3.... Matur nuwun.

Anonymous said...

nggih, kulo derek titip salam kagem rencang2 jawa ing suriname,mugi saget nambah konco

Edi said...

Maturnuwun informasine...
Monggo dolan menyang websiteku
iso dolanan wayang...

Anonymous said...

Nek sampeyan pengin ngrungokake lagu-lagune wong Jawa Suriname, bukaken youtube, terus ketik "Jawa Suriname".

Si Gembul said...

ne' aku nduwe rejeki, aku arep mlaku-mlaku ning suriname...

Anonymous said...

Tapi gak nyang Suriname thok, wong Jowo yo akeh sing digowo nyang panggonan liyane, koyo Lampung, Tanah Deli (anak-putune dijenengi "JaDel/JaKon" (Jawa Deli/Jawa Kontrak)), Wonomulyo (Polewali Mamasa), Papua (dijenengi "JaMer" (Jawa Merauke), Kaledonia Baru, lsp. Mbiyen yo akeh wong Jowo sing migrasi nyang Malaysia, saiki wong Jowo Malaysia akeh ndek Johor lan Selangor.
Eh Mas, wingi KOMPAS onok nulis artikel tentang Suriname, koyo "Diplomasi Cakil di Suriname", "Lelakon Wong Jawa di Suriname", "At the Beginning, Ora Kerasan...", ambek "Migrasi Pecel dan Teklek". Sampeyan isok nulisno warto kuwi mari disalini boso Jowo.

Stanley Sutrisno said...

Matur nuwun tambahan informasine.

Kompas Minggu, 10 Okt-2010, wis tak terjemahke nganggo Basa Jawa nanging sing pokok-pokok wae. Iso diwaca neng nggon link ngisor iki:

http://jawa-suriname.blogspot.com/2010/10/keturunan-jawa-dadi-menteri-lan-kapolri.html

Nuwun.

aregoesaceh8 said...

Wektu aku ndelok goole eart, Taman rejo Kok posisine nag Alas/Hutan. Opo maksudte kuwi alas/rimba/hutan sing dadi panggonan pariwisata ? Matur kesuwon yo Cak.

aregoesaceh8 said...

Dalan/margi Djojosoepartoweg pun ono kethok nang google eart Mas.

D. Sodirijo said...

Aku wong Jawa Suriname.
Apa tulisanku kira2 kena diwaca karo wong Jawa sangka pulo Jawa ya????
Adewe krasan ning Suriname kok. Sakwise kepriye, adewe ya rumangsa penduduke negara Suriname...lan cukup
golek sandang lan pangan.
Nanging adewe ora lali sangkane....
Isik sedulur karo sampean kabeh.
Salam sangka aku, D. Sodirijo

AgusPur said...

aku melu numpang kenalan mas,mbakyu,pakdhe,budhe.....

AgusPur said...

aku seko kalimantan

DSodirijo said...

Aku pengin njelaske perkara desa Tamanredjo. Desa iki sejatine tepate posisi, ning peta dalan raya sing lempeng, parane nengen(ngetan) lan
ngiwa(ngulon). Awit kono sing ketingal eneng panggonan2. Ning kidule sing durung eneng omahe, iku
kapling2 anyar kanggo njembarke desa. Kulone desa iki jenenge Tamansari lan dalan sing ngalor(munggah) arahe ning segara, jenenge Kampong Sawah. Daerah iki
teka pojoke kali loro sing cedak
karo segara diarani distrik
(propinsi) sing penduduke Jawa
luwih akeh ngungkuli etnis2 liya sing ning Suriname. Dadi senajan jenenge ora Jawa, ngendi2
wong Jawane gungkuli etnis liya.
Ning ibu-kotane daerah utara,wong
Jawa ewon2. Ngidul saka Paramaribo,
bawah Lelydorp, kono panggonane
orang Jawa. Ngulon saka Paramaribo,
kono ya desa2 jenenge Jawa.
Namung basa nasional kene, Landa...
Dadi di antara orang Jawa omongane
ya Jawa, ya Landa, ya basa keturu-
nan Afrika...

DSodirijo said...

Mas Agus, saya orang laki-laki kok,
yang sudah lanjut umurnya.
Saya hanya ingin menjelaskan apa saja
yang saudara2 ingin tahu mengenai
negeri saya atas namanya orang2
senegeri saya. Karena banyak saudara2
Jawa yang memberi komentar tetapi
tidak pernah dapat jawaban dari
Suriname. begitu...
Salam

Anonymous said...

mboten napa pakde DSodirijo wong jowo nangde wae pada, aku yo wong jowo saiki nang kalimantan, tetep isih Indonesia. salut kanggo pakde. muga iso kenalan

DSodirijo said...

Aku krungu nek akeh wong Jawa sing kerja ning perkebunan
kelapa sawit(?minyak) ning Kalimantan. Lha sampean ning
daerah ngendi? Pontjanak, Palangkaraya, Banjarmasin,
Balikpapan apa Tanjungselor. Pancen Kalimantan pulo sing
gedih dewe ning Indonesia. Negara Suriname nek dipadakke
karo pulo Jawa luwih gedih setitik, kira2 30.000km2.
Nanging Jawa lonjong ngetan-ngulon lan Suriname meh wae
persegi empat. Lan penduduke Jawa madhet(130yuta),
Suriname isik kosong. Sampean kelairan Jawa saka
Kabupaten ngendi? Nalika isik kerja, aku tukang nggambar
peta geologine negaraku. Lan aku ya seneng ngolak-alik
peta dunya. Dadi negara2 sakdunya aku ngerti papane ning
pojok ngendi. Mrene sepisan2 mas, tilik sedulur Jawa...
Sampean kerja ning Kalimantan menawa bisa nyelengi keras!!
Aku nduwe pitakonan siji: Keneng apa wong Indonesia karo
Malaisia ning Wsite kok pada kerep ngolok-olok sakpada-
pada, apa jalarane kuwi ta??? Lah ya negara tunggal agama
muslim. Lah ngendi toleransine tunggal precaya?
Nuwun.

Anonymous said...

melu kenal pakde sodirjo. aku melu urun rembug. indonesia malaysia ki duwe hubungan sing rumaket sakjane. Wong awit jaman majapahit ki malaysia ki yo kelebu wewengkon majapahit. sing ndadeke olok-olok ki sak bare malaysia dimerdekake karo inggris. Malaysia trus dadi negoro ingkang jumawa. ngremehke sedulur tuwone indonesia... tumindak siyo marang wong2 indonesia lan jowo sing kerjo ono kono...kuwi sing ndadeke hubungan indonesia malaysia dadi kurang apik...disambung ono facebook wae pakde.. iki fb ku purosani@yahoo.com supoyo iso luwih sesambungan.

DSodirijo said...

Maturnuwun yen sampean ngekeki reaksi marang pitakonanku
ya mas. Awit saka rumangsaku sawangane ora ana wong sing
gelem mbalesi pitakonan sing kaya ngono.
Aku mung pengin ngerti sangkane/jalarane apa, kok pada
sengit-sinengit.
Pancen nalika aku bali menyang Suriname kae, saka Jakarta
liwat Kuala Lumpur, wong2 Malaysia ning kapal mabur,
omongane rame banget. Aku mbatin wong2 iki kok rame temen..
padahal warga Indonesia malah kaya 'ra nduwe omong, anteng.
Apa dumeh ekonomine Malaysia luwih kuwat tenimbang Indon.
nganti akeh tenaga Indonesia sing kerja neng kana.
Dadi ning kalangan terus pada metenteng....
Nanging negarane, penduduke lan ekonomine Indonesia isih
luwih gede!!
Aku 'ra bergabung karo facebook mas. Nek gelem liwat email
ya apik. Nuwun.

Miryanto said...

pakde sodirijo ?
assalamu'alaikum,,,
pripon kabare
aku goleke bojo suriname ta pakde??hehe men hiso nyambong maneh,,,,hhe

Unknown said...

sak tenane kula kepingin kagungan sedulur jawa ingkang saking suriname, saget nyambung silaturahmi kaliyan sedulur tebih. sedulur2 ingkang wonten suriname sami sehar wal'afiat nggih. Mbok menawi wonten kasempatan sumangga tindak dateng pulau jawa, kula tiyang ngayogyakarta utawi jogja, mangga sami mampir.

udin said...
This comment has been removed by the author.
udin said...

Alhamdulillah aku melu seneng senajan aku ora bisa jawa alus, kulitmu kulitku duksmu yo dukaku....

salam kangge jawa Suriname sko tiyang Karawang jawa kulon

Anonymous said...

pripun kabare sedulur suriname, salam kenal yo. sugeng nindakaken ibadah poso romadhon, nyuwun pangapunten lahir tulusing batin. salam kagem poro sederek sedoyo

obrakun@gmail.com said...

Ayo .... kabeh sedulurku ing suriname ayo podho urik-urik seduluran, mbok menowo ngenjang-ngenjang ono wektu sami ketemuan, nek wonten sedulur arep neng indonesia ojo kesupen mampir neng gubukku (Kota Batam - Riau Kepulauan)tak tunggu kabare soko ngriki ....

Anonymous said...

Untuk. D. Sodirijo
Salam kenal, kulo soko jawi tengah (Kroya, Cilacap), nek ono wektu tulung dibalas

Unknown said...

Salam kenal dari Indonesia

Anonymous said...

Aku wingi nulisi nganggo Google tapi ora diampirke ning kene.

Apa maksude/perlune sedulur tanpa jeneng sing saka Kroya, Cilacap iki kok nyuwun aku 'kon mbales? Ora papa...
Aku di suwun ya semrintil wae....

Aku malah wis tau liwat cedhak Cilacap ning dalane Jatilawang karo Wangon nuju Pengandaran.
Sakjane munggo nuruti karepanku, aku pengin ngampiri Cilacap. Awit iku sawijine kutha sing dicritakke karo ibuku
nalika diculik saka Purwokerto terus wong-wong diklumpukke ning kereta api terus digawa nang Cilacap, Cirebon terus
dicemplungke nang kapal ning Tanjungpriok, Betawi(Jakarta).
Nanging sakdurunge brangkat kapale perlu kuebeg ndisik.
Dadi saka Purwokerto tekan Jakarta nginep ning kutha-kutha kuwi pirang-pirang ndina nyambi ngenteni liya-liyane sing pada wae keblinger...Kaningaya tenan...

Nanging adhewe turunane saiki wis mapan lan kepenak.
Aja pada digawe sedih ning nJawa, awit kene ning Suriname
wis dadi negarane awakedhewe. Ora secara krasan, nanging
ya kene iki negarane adhewe...

Salam saka Suriname marang sed-sedulur Jawa ning endi wae,
luwih-luwih sing ning negara nJawa.
Lan apa maksude sedulur sing njaluk di bales saka aku...
D.Sodirijo

Anonymous said...

Aku nuwun sewu ya.
Ning tulisan nduwur kene aku jawane nulis pulo Jawa,
keleru negara nJawa......wah, aku dadi kapeksa ngoreksi...
ngko ndak warga Indonesia ora trima....

Jalaran wongtuwane adhewe mbiyen ngarani negara nJawa, wong mestine wae ora ngerti wetan-kulone Indonesia.
Dadi adhewe turunane nek ora mikir kulina karo ujar iku.
Teka seprene akeh sing isih ngarani 'negara nJawa'.
Mula aku melu mak ceblung....ngono

Matur nuwun
D.Sodirijo

Djalu said...

dulur adoh rek ...
kulo wong jowo wetan ngapunten
boso kulo ngoko mawon
meski isin rasane lahir nek jowo urip nek jowo boso jawane grutal gratul.kalah beh wong jowo sing nek suriname...
haa nyuwun perso perkoro keyakinan jawa sing nek suriname pripun njeh..monggo di posting...

wanSD said...

Eyang Asmane Suri DSudirijo...dateng pundi nggih ?

Anonymous said...

Asma Sodirijo niku saking bapak kula. Wiwit kula taksih alit bapak kula ninggal ibu kula.
Dados kula mboten tau mireng critane kiyambake saking pundi.
Perkawis ibu kula asmanipun Mirah Karijowikromo kula ngertos kiyambake saking desa Jatisaba,
menawi 6km teng kidule kutha Purbalingga, Jawa Tengah. Mboten tebih kalih kali Serayu.
Taun 2011 kula mpun mrika, tapi teng kantore lurahe Jatisaba mboten saget madoske keluwarga.
Amergi tiyang nJawi mboten gadah nami keluwarga. Mriku daerah ngapak.

Aku njajal nulis aluuus, nanging aku ora biasa loh. hehehehe....
Kirim keslametan saka Suriname.

Pak Daglan(Dahlan) Sodirijo.