Jamane Jaman Edan?

Wis tau krungu kerata basa iki: "Jamane Jaman Edan, Nek Ra Ngedan Ra Keduman?" Tak kira kabeh wong Jawa wis tau krungu kerata basa iku. Nanging, mbok menawa sampeyan ora ngerti yen koyo ngono iku jenenge kerata basa. Sak ngertiku ukara kaya ngono iku jenenge kerata basa. Nanging apa bener kerata basa apa ora, aku ya ora yakin tenan. Ya, wis. Ora perlu dimasalahke. Sing penting saiki ngomongke intine wae.
Jawa Suriname. Suriname Jawa.
Kanggoku kerata basa iki pas banget kanggone jaman iki. Jaman iki pancen wis ora karu-karuan. Sing bener malah dadi salah. Sing salah malah dianggep bener. Wong salah ora gelem ngaku salah. Nyolong dhuwite negara ora tanggung-tanggung. Ora nduwe isin. Ngakune wong nduwe agama, sembahyange ora tau keri, ora tau telat, nanging nyatane tingkahe ora ngetokke babar blas yen dheweke iku wong sing nduweni agama. Ya kaya ngono iku kanggoku wis isa diarani jaman edan. Jawa Suriname. Suriname Jawa

Buktine jaman edan, ya kuwi mau, korupsi sak karepe dhewe, mangka kudune sing jenenge pimpinan, wakil rakyat, pejabat pemerintah iku mikirke rakyat, menehi conto, lan wani korban kanggo rakyate. Pancen bener gelem korban kanggo rakyat, nanging anggone korban mung yen duwe karep utawa pamrih.

Coba gatekno calon-calon presiden utawa partai-partai yen kampanye nanggon TV. Utawa para calon Bupati, Gubernur, DPR, lan sak panunggalane. Sing ngedum kaos, bantuan kanggo mbangun dalan, lan liya-liyane. Kabeh mau dilakoni yen arep pilihan. Yen wis bubar pilihan... mbuh, ra weruh... Kira-kira terus mikir carane piye mbalekke "modale".....

Ana sambungane....

Jawa Suriname. Suriname Jawa

3 comments:

jowo indon lan jowo suriname kudu menunggal said...

assalaamu alaikum , sugeng pepanggiahan , lan salam kenal

syukur .... seneng banget aku krungu wong jowo nang suriname sing isih uri uri budoyo lan boso jowo.kanti [puniko mbok menawi wonten sedulur suriname sing isih weroh sil silah utowo asal usule wong tuwane mbok yo tolong di sebutno nang kene.bene tambah raket sedulurane.asli wong rembang

parmin said...

nepangken.. sedulur sedhanten khususipun saking suriname. Kulo saking Riau- Indonesia. Mangke tanggal 9 Agustus 2010, piturut info teng suriname ajeng enten peringatan tiang jawi tekan teng suriname.

Stanley Sutrisno said...

matur nuwun sanget sampun paring pawartos Mas Parmin. Badhe nyuwun pirsa, punapa wonten wonten website ingkang saget dipun 'kunjungi'?

Nuwun.