Mbah Marijan, Wong Jowo Paling Kendel

Jawa Suriname. Suriname Jowo. Mbah Marijan, Wong Jowo Paling Kendel

Wong Jowo, wong biasa sing dudu pejabat pemerintah, sing paling misuwur sak jagad, sak ora-orane sak Indonesia, tak kiro ora ana liyane kejobo mbah Marijan. Wong sing praenane lan dandanane ketok njawani banget iki dadi misuwur amarga dheweke wani "nantang" gunung Merapi, Jawa Tengah, nalika tahun 2006 kepungkur gunung iku mbledhos.

Nalika iku kabeh wong padha diungsekke supaya slamet, nanging Mbah Marijan ora gelem dhewe alasane dheweke entuk dhawuh saka Sri Sultan Hamengkubuwono-X almarhum supaya nunggu gunung Merapi. Nyatane Mbah Marijan, ya tetep slamet, mangka wektu iku lahar gunung Merapi ora umum nggegirisi. Tur omahe Mbah Marijan cedhak banget karo lokasi lahar lan gunung Merapi.

Bar kuwi Mbah Marijan terus dadi kondang, nganti dheweke dikontrak karo PT. Sidomuncul, Semarang, kon mbintangi iklan Kuku Bima, minuman kesehatan, bareng karo Chris Jhon, bintang tinju saka Semarang sing dadi juara dunia nganti ping pirang-pirang durung ana sing bisa ngalahke nganti sasi Februari 2009 iki.

Sing tak takokke, kira-kira Mbah Marijan iku nduwe sadulur sing ana ing Suriname apa ora, ya? Sapa ngerti jebule Mbah Marijan duwe sedulur neng kana. Rak, gayeng dadine nek ana sedulure sing ngepasi maca Blog iki terus bisa titip pesen lewat Blog iki. Hayo, ana pora? Nek ana komentara?!!

Nuwun.



13 comments:

Unknown said...

Iseng2 blogwalking, ketemu blog iki. panjenengan nopo wong Suriname nggih???

Salam kenal wae. Matur nuwun. :)

Stanley Sutrisno said...

Aku wong jawa asli, Mas. Asli Ambarawa, Jawa Tengah. Aku nduwe gagasan nggawe Blog iki bareng krungu critane kancaku nalika dhweke melu konggres basa jawa neng Semarang. Critane wong Suriname sing melu konggres iku basa Jawane apik banget. Lha, dheweke gumun, kaget, ora ngerti Bahasa Indonesia. Banjur takon, Bahasa Indonesia iku basa ngendi? Lucu, ta, Mas?

Sapa ngerti Blog iki mengko ana gunane. He, he...

Salam kenal. Nuwun.

Anonymous said...

kang stanley...
salam kenal saking kawulo..priantun kediri asli..
menurut pemanggeh kawulo sayugjo sanget bilih blog puniko katah isinipun...kados carito, tembang2..ugi pitutur2 saking panjenengan...mugi2 tambah raketeng tali silaturahmi sedlur2 jawi...

matur nembah nuwun..:-)

Stanley Sutrisno said...

Kagem priantun saking Kediri,
matur nuwun sanget panjenengan sampun kersa nyerat komentar utawi tanggapan wonten Blog punika.
Matur nuwun ugi, panjenengan sampun kersa maringi usulan ingkang sae sanget.
Mugi-2 benjing kula saget nyembadani punapa ingkang sampun penjenengan aturaken.
Sepindah malih, matur nuwun, lan nyuwun pangapunten Basa Jawi kula namung kados mekaten punika sagedipun. Nuwun.

Unknown said...

nami kulo eko hadi saking suroboyo nderek nulis menawi wonten suriname matur suwun

SUHU PSPB RONGGOLAWEZ21 said...

Waaah ... alhamdu lillaah ... sederek panjenengan ing Jawi Timur tumut bingah sanget, amergi wonten sederek kito ingkang kerso adamel Blog Jawa Suriname, Suriname Jawa.
Sumonggo dipun renungake, kados pundi penderitannipun sebagian bongso kito rikolo semanten, ngantos-ngantos kapekso dados Penduduk Suriname lan mboten saget wangsul maleh dateng tlatah Jowo. Sakmangkek zaman merdiko, poro penjajah khususe Bongso Londo wis balek malih dateng negeri asalnipun, ananging tragis sanget, senaoso sampun merdiko, jebulnipun taksih katah Bongso Kito Ingkang Tego dateng Bongsonipun Piyambak, umpaminipun : mbujuki, korupsi, meres, lan sak panunggalanipun. Mugi-mugi Blog Panjenengan dados pepeling dumateng sebagian Bongso Kito ingkang taksih medal sangking Radosan Leres. Tumrap kagem Mbah Marijan, sedoyo joyo kawijayanipun puniko sedanten semata-mata anugerah sangking Gusti Allooh SWT. Embah Marijan piyambak ing rikolo semanten, mboten nantang maut, mboten nantang bahaya, mboten pamer joyo kawijayan, ananging sedanten puniko semata-mata keyakinan kiat sangking Embah Marijan sak sampunipun angsal pitedah sangking Gusti Allooh lantaran dipun dawuhi dening Sri Sultan Hamengku Buwono IX (almarhum). Embah Marijan puniko, Insyaa Allooh kalebet golongannipun Tiyang Ingkang Iman Taqwo Inggil alias Muslim Taat, senaoso penampilannipun katingal ndesoni. Biasanipun tiyang ingkang Sholeh puniko, menawi angsal pitedah sangking Gusti Allooh, keyakinannipun inggil sanget, terutami wekdal wonten wigatos ageng lan biasane mboten ngatonaken kemampuannipun,ananging wekdal woten wigatos ageng wantun nabrak punopo-punopo ingkang dipun kaweruhi Tiyang Lintu, maksudnipun yakin sanget menawi keyakinannipun puniko bakal kabukten lan siap menanggung resiko menawi keyakinannipun puniko meleset. Mugi-mugi muncul Embah Marijan-Embah Marijan lintunenipun. Cekap semanten uneg-uneg dalem. Kirang langkungnipun anyuwun agunging pangapunten. Ngapunten ... Jawine Jawi Kromo Gaya Jawa Timuran. Sumonggo pinarak dumateng Padepokan Dalem ...

Anonymous said...

kulonuwun..sederek sedaya badhe nderek kenalan menawi mawon wonten sederek jawi ingkang datheng rantau ingkang purun nambah seduluran mawi blog menika kulo aturakke maturnuwun. ..(vsidik@ymail.com)

Anonymous said...

kulonuwun..sederek sedaya badhe nderek kenalan menawi mawon wonten sederek jawi ingkang datheng rantau ingkang purun nambah seduluran mawi blog menika kulo aturakke maturnuwun. ..(vsidik@ymail.com)

reno prasetya said...

mas wong jowo juga ya... kumpul aja di sini mas wwww.kumpuljowo.blogspot.com ono bisnis kumpulblogger juga mas.. gabung yo ben duite tambah22

elwas said...

Subhanalloh, tibak'e akeh ugo konco-konco sing ijik tresno karo kabudayan jowo. kamongko aku wae sing sak iki merantau neng Tangerang (tlatah banten) jowo kulon kiro-kiro 700 km soko deso asalku wae wis angel golek konco sing seneng ngomong jowo. lha iki lungo adohbnget soko kampunge neng ijik kenthel banget jawano. (nyuwun pangapunten) mboten saget kromo alus mangke malah isin menawi sami klentu

elwas said...

salam kenal karo wong suriname, aku aali wonogiri tak tunggu kabar sak teruse. yen ono tambahke foto-foto daerah suriname ben kebayang koyo opo sedulur-sedulur kabeh

Ayam Bakar Bumbu Gilla said...

Innalilahi wainnailaihi rojiun " sampun kapundut ngarsaning gusti dinten seloso 25-10-2010 MBAH MARIJAN, mugi2 amal ibadahe dipun tampi deneng gusti...amin "

pak muliadi said...

KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.