Sejarahe wong Jawa ing Suriname

Jawa Suriname. Suriname Jawa


Sejarahe Wong Jawa ing Suriname. (Sumber: Wikipedia)

Ing pungkasané abad kaping 19, pamaréntah Walanda sing nduwèni jajahan ing Suriname, Amerika Kidul merlokaké kuli-kuli kanggo nyambut gawé ing perkebunan-perkebunan. Sadurungé pagawéyan iki dilakoni déning para abdi utawa budhak-budhak négro sing asalé saka Afrika. Nanging sawisé pabudhakan dijabel ing tengahing abad kaping 19, wong-wong négro sing diarani wong Kréol Suriname iki padha ninggali perkebunan lan marani kutha-kutha ing Suriname. Kanggo ngganti para kuli perkebunan, wong Walanda njaluk tulung wong Inggris. Suriname iku naté dadi jajahané Britania Raya. Kapisan wong-wong Cina padha ditekakaké. Wong Inggris banjur nekakaké kuli-kuli kontrakan saka India. Nanging wong Walanda pungkasané wedi karo wong Inggris lan ora gelem gumantung karo wong Inggris manèh.

Banjur pamaréntah Walanda nyoba nggantèni utawa nambahi wong-wong India iki sing diarani wong Hindhustan Suriname karo wong-wong saka koloniné Hindhia-Walanda; yaiku wong-wong Jawa. Wong-wong Jawa iki kapisané dijupuk mawa sistèm razzia lan dipeksa dikapalaké menyang Suriname. Nanging pungkasané diwènèhi kontrak sing kudu ditèken, senadyan sajatiné wong-wong sing biasané para tani lan buruh kasar iku tuna aksara.

Tibaké program 'transmigrasi' saka Hindhia-Walanda menyang Suriname iki kalebu suksès. Antara kurang luwih taun 1890 – 1939 ana luwih saka 33.000 jiwa wong Jawa sing digawa menyang Suriname. Menawa Perang Donya II ora pecah, mesthi bakal luwih akèh wong Jawa manèh sing digawa mrana.

Ora kabèh wong Jawa sing digawa menyang Suriname iku kalebu ètnis Jawa. Saliyané wong Jawa uga ana wong-wong Sundha lan Madura saha liya-liyané sing digawa menyang Suriname. Nanging amerga mayoritasé pancèn ètnis wong Jawa, mula akiré kabèh asimilasi dadi wong Jawa.

Yèn dideleng saka asalé, kurang luwih 70% wong Jawa iki asalé saka Jawa Tengah, 20% saka Jawa Wétan lan 10% saka Jawa Kulon. Kurang luwih 90% iku kalebu ètnis Jawa, 5% Sundha, 2,5% Madura lan liya-liyané. Kalebu kategori liya-liyané uga ana wong-wong saka Batavia utawa Jakarta.

Banjur saka wong Jawa iki, mayoritasé asalé saka tlatah Kedhu (Magelang lan saubengé). Bab iki nganti sepréné bisa dideleng ing basa Jawa Suriname sing pancèn mèmper dhéwé karo dhialèk Kedhu. Basa-basa liyané saiki wis mèh ora dipituturaké manèh déning wong Sundha, Madura lan liya-liyané. Basa-basa iki uga ora ngwèhi pengaruh ing ragam basa Jawa Suriname. Ing basa Jawa Suriname namung ana sawetara tembung-tembung Melayu, nanging tembung-tembung iki uga wis ana ing basa Jawa ing Tanah Jawa dhéwé sadurungé digawa menyang Suriname.
0O0

8 comments:

hamung said...

salam kenal, menarik sekali,ternyata orang2 jawa begitu tabah dan kuat...
apik tenan,jebul wong jowo kui kuat kuat

HENRY said...

Lagi saiki aku kelakon mangerteni sejarahe wong Jowo ing suriname, jebul ngono to jlentrehe, wah mendah rasane yen aku sing nglakoni. Nanging kuwi mau wis ginaris lan sing penting muga-muga padha pinarinagan urip kepenak akeh rejekine uga tansah bagas waras ora kurang sawiji. Salam kenal!

Anonymous said...

aku wong mbanyumas,, yo lagi usaha skolah neng Suriname,,pengen nguru-nguri budaya Jawa neng kono,, kira2 ana sing rep mbantu po ora?
aku iso dihubungi lewat FB (Awan Pratama) utawa e-mail (politik_awan@yahoo.com)
Nuwun.

Unknown said...

horo gajaaaaalll.... py toh, sedulurku dadi akeh

wengku said...

suwon ingkang katah pak, aku dadi weruh sejarahe wong jowo ning suriname..

Anonymous said...

waa...h,marem tenan aku,akhire iso ngerti khabare sedulur-2 ing suriname.monggo-2 yen kerso/gelem,yuk do bebarengan ing komunitas facebook,kanggo miwiti,monggo sedulur jawa suriname pun kontak email kulo:fandah@gmail.com Sedulur kabeh,asalku soko jawa tengah,tepatipun desa glagah,kecamatan sapuran,kabupaten wonosobo,menawi ono sing nyuwun kabar tanah leluhur(kususipun wilayah kedu)kulo siap paring informasi kanti roso bungah.mugo mugo sedulur jawa suriname kerso bergabung.matur nuwun

Anonymous said...

Apik tenan yach... nyatane tiang-tiang suriname tesih kelingan karo Njawane...!!!
salut...salut...salut...salut...

Santoso said...

Wow, jebul akeh sing seka Magelang to?.. Sedulurku nek ngono, salam seka cah Magelang.