Salam saka Suriname


      "Aku wong Jawa Suriname.
Apa tulisanku kira2 kena diwaca karo wong Jawa sangka pulo Jawa ya????
Adewe krasan ning Suriname kok. Sakwise kepriye, adewe ya rumangsa penduduke negara Suriname...lan cukup
golek sandang lan pangan.
Nanging adewe ora lali sangkane....
Isik sedulur karo sampean kabeh.
Salam sangka aku, D. Sodirijo"
March 6, 2012 9:45 PM
Tulisan ing nduwur iki mujudake salah sawijining komentar saka pembaca Blog “Jawa Suriname – Suriname Jawa” sing ana ing Suriname. Aku nganti mrinding nalika maca tulisan iku mau sing bisa diwaca ana ing link iki: http://jawa-suriname.blogspot.com/search/label/peta. Sanajan aku durung isa mbuktekake yen “D. Sodirijo” iku bener Wong Suriname Jawa utawa Wong Jawa sing saiki urip ana ing Suriname, ananging aku mikir positip wae yen priyayi iki pancen kaya mangkono anane.

Aku seneng yen sarana Blog iki kita dadi cedak tanpa wates antarane awake dewe sing ana ing tanah Jawa karo para sedulur keturunann Jawa sing ana ing Suriname. Lan, nyatane para sedulur ing ngendi wae, ora mung sing ana ing Suriname, banjur pada melu nanggapi lan pada melu kekancan sarana Blog iki. Wong Jawa sak donya  dadi pada kumpul lan pada nyapa siji lan sijine ana ing Blog iki. Kaya to, sing ana ing Sumatra, Kalimantan, Timur Tengah, Belanda, lan liya-liyane. Ya, pancen iku sing dadi tujuanku nggawe Blog iki.

Sing ndadekke aku seneng ora mung iku, nanging uga amarga kanca ing Suriname sing jenenge D. Sodirijo iku mau ngabarke yen deweke krasan urip ana ing Suriname lan cukup sandang pangan. D. Sodirijo uga ora lali saka sangkan parane, yaiku tanah Jawa, lan uga ora lali marang para sedulur ing tanah Jawa.
Aku mung isa ndedonga utawa nyembayangake, muga-muga para sedulur ing Suriname pada sehat lan urip mulya. Semono uga para sedulur kabeh sing ana ing tanah Jawa, Sumatra, Kalimantan, Arab Saudi, Malaysia, Belanda (Walondo), Australia, Amerika, Korea, lan liya liyane. Salam uga kanggo D. Sodirijo lan para sedulur kabeh. Matur nuwun wis kersa mampir lan paring tanggapan ing Blog iki.

Nuwun.

89 comments:

Choirul said...

Salam,
Bungah atiku bisa weruh kabare dulur-dulur saka jawa suriname, muga-muga paring sehat-sehat wilujeng lan kamulyan.amien
Ayo seduluran iki kita terusna kanthi kirim kabar.
Salam kenal kabeh
Choirul-saka jawa alamat email choirulnm@gmail.com

Sutrisno said...

Salam kagem sedoyo wonten suriname, monggo pinarak wonten blog kawulo wonten http://serbajawa.wordpress.com

Anonymous said...

salam untuk segenap pengunjung blog ini,

sebelumnya, perkenalkan nama saya prayoga, orang jawa yg dilahirkan dan dibesarkan di jakarta. tetapi dalam hati ini saya tetap tidak akan pernah merasa sebagai orang betawi, atau orang jakarta. ketika ada orang yg menanyakan "anda orang mana
?" maka saya akan dengan tegas dan bangga menjawab "saya orang jawa".

menanggapi kebenaran mengenai bapak D Sodirijo, mungkin bisa dilihat di link ini: http://indonesiarayanews.com/index.php?option=com_content&view=article&id=2501:promosi-budaya-indonesia-di-suriname&catid=107:pariwisata&Itemid=677 dalam artikel tersebut disebutkan seorang peserta kongres bahasa jawa yg dihelat di jawa timur yg berasal dari Suriname bernama Bapak Daglan Sodirijo, mungkin beliau adalah orang yg sama dengan D Sodirijo yg dimaksud dalam blog ini.

kiranya sekian komentar dari saya, semoga blog ini dapat terus memberikan informasi mengenai budaya jawa kpd masyarakat suriname, demikian sebaliknya. semoga hubungan persaudaraan kita akan tetap langgeng.. aamiin...

wassalam,
prayoga sambiyono aji

DSodirijo said...

Itu benar 'prayoga' pk Prayoga.
Di antara orang barat namanya, "bingo" berarti kena/tepat. Saya orang yg sama yang mengikuti KBJ ke5 di Surabaya akhir bulan Nov.2011, bersama dengan 4 orang Jawa dari Suriname. Secara tegas saya harus mengakui bahwa saya bukan orang ahli bahasa atau ahli budaya. Saya hanya ikut salah satu guru (namanya pk Darmohoetomo), yang sudah mendatangi KBJ di Indonesia beberapa kali dan mengenai saya, pertama kali ke pulau Jawa yang penting, untuk mengalami lingkungan dan kehidupan orang Jawa.
Karena saya generasi no kedua, jadi orangtua saya datang dari pulau Jawa, Jawa Tengah, desa Jatisaba
(ibu saya),kira2 9km dari Purbalingga dan saya juga sudah ke sana.
Saya sudah mempunyai anak2 dan cucu2 dan di negeri Suriname juga ada generasi ke5.
Sebagai anak belasan tahun dulu(tah1960an) kami anak2
keturunan Jawa tidak pernah memikir negeri Suriname ini bukan negeri kami!! Walaupun tinggal di desa kadang2 hanya orang Jawa atau bersama dengan orang2 India/Afrika,kami tidak merasa hidup di negeri asing.
Hidup, sekolah dan bermain bersama-sama...meskipun watak dan perasaan etnis lain...Waktu itu masih muda, ibu saya jawab pertanyaan2 dari saya mengenai desanya dan keluarga,ketika masih di pulau Jawa. Di sek.dasar sudah belajar membaca peta dunya, terus saya mulai mencari adanya dan lokasinya pulau Jawa dan begitu, negeri Indonesia!
Ketika saya masih bekerja,(sekarang sudah pensiun) profesi saya adalah menggambar peta geologi, cross section dan peta jalan, menghitung-hitung volume (isi)tanah dan bauksit oleh ukur-ukuran dari GPS. Begitu peta bumi Suriname,pulau Jawa dan peta dunia menjadi hobi saya.
Orang Jawa Suriname tidak bisa berbahasa Indonesia, karena orang Jawa yang datang dulu kebanyakan tidak dapat pendidikan. 6 tahun yang lalu saya belajar bahasa ini (tingkat pemula)pada pk guru yang saya sebut di atas, di KBRI. Saya menulis ini dengan kamus di samping, hehehe..
Karena itu, saya mohon maaf kalau ada banyak kesalahan. Mila,nalika adewe bali saka Indonesia aku disuwun karo Dubes Rep.Indonesia wektu pembukaan kursus2 anyar, 'kon crita pengalamane. Menawa wae jalaran aku uga kulina karo petabumine pulau Jawa. Nanging nyritaake marang wong Jawa lan liya2 etnis ning Suriname kuwi luwih gamblang ya ing basa Landa. Jadi waktu itu saya minta bapak Dubes RI untuk bicara dalam Bahasa Belanda. Meskipun saya warga Suriname, saya masih tetap penganjur negeri Indonesia!
Salam untuk semua orang Jawa.

bangkit said...

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Salam tepang dumateng sederek kulo sesami piantun jawi sedoyo ingkang wonten Suriname, mugi2 pamjenenngan sedoyo tansah paring kesehatan sedoyo, lan terus saged nyambung seduluran kalian piantun saking jawi mriki. ( Isa Rahmat/ Arek Suroboyo)

Wass. Wr. Wb

Lilis said...

Untuk tambahan informasi terkait postingan di atas bisa juga lihat di link : http://pena.gunadarma.ac.id/filosifi-konsep-njowo/

Anonymous said...

nuwun sewu..
Lare trenggalek nderek langkung lur..

Anonymous said...

Sugeng ndalu kango sedulur kabeh ing ngedi wae..

Awahku bunga banget yen ono blog koyo mengkene kango sedulur sedulur ing ngendi wae. Sopo njonno yen awahe deweh iki biso kepetok bangsane deweh liwat dalan listrik/ internet. Yah misti ono sidji sidji sedulurku songkoh simbahku asalusulih songko negoro Jawa. Liwat dalan iki awahku ngaturakih sedulur kabeh ing ngedih wae, sehat waras kebah redjeki goleh sandang pangang ing ngediwae biso lemintu. Sing penting uri uri jawane, wong jawa odjonganti lali jawane.
Matur nuwon lan salam manis...

Mbah S. Arinem

areximut™ said...

wah wah wah sedulur kabeh pada nglumpuk ana kene, dadi bungah atiku iki. nderek tepang kagem sedulur sedaya wonten pundi kemawon, kula niki namung lare Sragen, Jawa Tengah kemawon.

Mbok menawi wonten ingkang purun srawung wonten facebook.com/areximut <- niku gen kula :-) nuwun

oetamaservice said...

nuwun sewu

pangapuro yen aku nganggo boso ngoko

aku seneng krungu kabar soko sedulurku kabeh sing ono monconegoro, ayo podho nguri-uri kabudhayan jawi... sing ono jowo wae jaman saiki wis akeh sing ilang jawane. conto sing paling gampang,wong jaman saiki akeh sing isin nduweni jeneng sing identik jowo. koyo jeneng tukimin, samiran, sastro, lan sapiturute wis longko kanggo bocah 17 tahun mudhun... aku ora isin duwe jeneng paryono, mergo aku wong jowo...
wong jowo ojo lali jowone...

nuwun...
FB : http://www.facebook.com/nggolei.tengoe

Manman Rohman said...

kulo saking jowo wetan. (ngawi) :D

faroj said...

Nderek absen nggehhh kulo tiang jowo nangengg sakniki golek sandang pangan tejg batammm salam sedulur mawon

hj mohsin said...

Assalamualaikum wbt.
kulo seko Malaysia, jowo turunan generasi 3. Bungah banget ketemu dulur jowo se dunya.

Tiang jawi ojo lali jawane!

paling penting jogo iman & amal; iku kekal sampei akhirat.

ikhlas seko dulure,
hjmohsin bin sarip
Malaysia.

DSodirijo said...

Nuwun,
Aku maca saka sakwijine penulis ana ing internet mengkene:
INDONESIA PULANG TANPA EMAS, UNTUNG ADA RANOMI KROMOWIDJOJO.
Lucu sing nulis. Padane, senajan Indonesia ora kerebelan
medali,sida kelipur karo prestasine pelangi karo jeneng
Jawa,yaiku: RANOMI KROMOWIDJOJO. Nyata wujude, cemerlang
karo medali emas 2(50m, 100m), perak 1(4x100m).

Sapa mikir, keneng apa jeneng Jawa iki kok isih "wutuh".
Jalaran, jeneng keluwarga Jawa ning Suriname turun temurun
ora eneng sing ngganti, ngilangi apa ngarani jeneng
kampungan...(ora jenenge, watake diri sing ndadekake
wong kampungan). Mula, JENENG JAWA IKI, ing dinane saiki
kesuwur, sak alam donya maca jeneng jawa iki...sapa sing
isih isin karo jeneng Jawa..Di owahi harga dirimu !!

Liwat program tv NOS ning Belanda aku mirsa, pramucarane
ngomong ing Basa Landa: Adewe(Belanda) bangga, Suriname
karo Indonesia melu bangga, awit nduwe bintang sing
jenenge, RANOMI KROMOWIDJOJO!!! Apa Jawa Indonesia isih
bangga karo jeneng Jawa ya?????

Aku wae, sing wis dadi wargane Suriname, adoh saka Jawa,
manggon ning tengahe etnis werna2, isih nggondeli jeneng
Jawa kok, ora isin. Lha keneng apa kok isin??
Watake adewe nek ora patrap, iku sing ngisin-ngisinke!
Lha iki jeneng2e anakku: Arlan Roewandi, Seraju Arsini,
Elvi Soerani(jalaran ejaan Landa, tulisane ngene)
Kabeh pendidikane ngungkuli aku. Mosok pada isin jenenge?

Apa adewe bakal pernah maca jeneng Jawa sing juara ning
OLIMPIADE meneh ya??? Iki sakjane uga penting banget
supaya jenenge negara diajeni lan kesuwur ning alamdonya.
Nanging sakwise kepriye, Indonesia isih ribut nyukupi
sandang pangane wargane, dadi ora kober ngemenke olahraga.
Badminton wae saiki wis ora dikekki kemungkinan karo Cina
apa Korea....kasihan.

Nek negaraku ngono....isih mbrangkang
Kula aturi pinarak, salam.

Unknown said...

Senang rasanya membaca blog ini meskipun saya kurang paham artinya. Empat tahun tinggal di Jogja belum dapat membuat saya fasih berbahasa Jawa rupanya. Yang membuat saya tersadar adalah, betapa saudara-saudara di Suriname masih sangat menanamkan budaya Jawa yang begitu kental, tidak hanya dari bahasa tetapi kebiasaan dan yang lainnya. Hal itu justru sebaliknya yang terjadi di tanah air. Entahlah, saya sebagai kaum muda Indonesia, tepatnya kaum muda Jawa, saya merasa kaum muda Jawa saat ini sangatlah kurang menghargai budayanya. Saya mengamati hal ini melalui keseharian saya sebagai pelajar. Namun dengan membaca blog ini ada rasa kebanggaan dan kebahagiaan jauh di luar tanah Jawa saudara-saudara kami masih begitu tekun mengingat budayanya. Semoga kita semua dapat terus membangun kerja sama! Sukses bagi seluruh saudara-saudara di Suriname!

Fairu Zabadi said...

top mas bro..
http://indofairu.blogspot.com

putripalupi said...
This comment has been removed by the author.
putripalupi said...

tembang doa "kinanti pilih" oleh ndoro sribit (surakarta)
http://youtu.be/2MnzYv-Z3H8

Anonymous said...

Salam,
aku pun moh ketinggalan loh..iki seko malaysia. aku generasi ke 4, bapak..mbah..boyotku mbien asale seko kuthowinangun JT.Salam kanggo sedulur jowo seng ono neng plenet bumi mugo2 bargas waras saking guti ingkang moho kuoso...amin

Anonymous said...

seneng rasane moco blog iki, salam kenal ae podo wong jowone , www.facebook.ronigaplek.com

Delima said...

Baru ketemu blog saudara kita yang jauh disana...

Thanks for sharing...

Cheers,
Delima

Anonymous said...

Kulo wong jowo,sidoarjo,tp sampun dangu merantau ten mataram-pulau Lombok.sepurone sing katah nek boso jowo ne boso suroboyoan,boten saget lancar nek boso jowo sing alus.matur suwun,salam kenal.
(NIA KURNIATI)

Anonymous said...

Pak Dsodirijo duwe facebook gak?
Facebookku : adeey.gwbgt@yahoo.com

aditya (*...*) said...

kula saking cilacap.kecamatan kawunganten salam kenal
basa jawa kula mandan ngapak niki. mboten napa napa lah ya.
menawa njengan badhe teng daleme kula, mangga, teng mriku enten teluk penyu. napa teng srandil
njenengan gadah twitter mboten? follow mawon kula @a71012 mangke kula folback, maturnuwun

Anonymous said...

Ass...salam sejahtera kagem tiang jawi wonten suriname lan dunyo,..kulo ngantos ndredeg maos pituturipun pak sudirijo...


Patoni
Secang,magelang

Danang said...

Sugeng enjing pak?
kula saking tulungagung, jawa etan

kula badhe tanglet, sepak bolanipun mriko pripun pak?? apik nopo mboten??

sepak bolanipun indonesia ajuurr ra karuan

salam saking tulungagung

Anonymous said...

Nuwun... Jawabanku ngene
Perkara sepak bola ning Suriname sakjane ora kena dipadhakke
karo Indonesia, awit secara negara, bumine lan penduduke
Indonesia luwih guedhe banget. Dadi bakate mesti luwih akeh,
kari milih lan nata sing bener!
Suriname kena dipadhakke karo Pulo Jawa, luwih jembar tithik
kira2 30000km2. Nanging penduduke Suriname mung 500 000
lan Jawa 130 yuta.....
Tandingane Suriname ora tingkate Amerika Sel., kaya Brasil,
Argentina....nanging karo negara2 ing daerah Kariben kaya,
Jamaika, Trinidad, Haiti....
Pancen akeh turunan saka Suriname sing main tingkat duwur
ing Belanda kayadene: Gullit, Rijkaard, Seedorf..akeh-akehe
turunan Suriname, tapi etnis Afrika.
Ning top sepak bola Suriname mung siji-loro turunan jawa.
Ing jaman sing kepungkur ana turunan jawa sing main ing
nasionale negara, nanging sebagian besar turunan Arika.
Lan taun kang kepungkur malah golongan sepak bola turunan
jawa sing juara futsal ing Suriname, jenenge "S.V. Linco"

Ning njerone daftare FIFA, ing Jan. 2013 Suriname no.112
malah ning nduwure Indonesia no.156!??
Karanganku, Suriname ora bakal bisa menangke Indonesia,
nek nyawang penduduke wae...Nek Indonesia nganti kalah
karo Suriname, jan wis kebacut banget...luwing mandhek
karo sepak bola...ditutup tendahe sepak bola...diteruske
badmintone wae...Sepak bola karo Malaysia bola-bali kalah..
Gek aku neng Jawa kae(Nov,11) kalah finale nasional muda.
Ing taun iki kalah meneh karo Malaysia...Ning Bahrein ya
nganti kalah 10-0. Walaaah aku jan melu sepet lan uisiiin,
ngrasakke....SAIKI MISAN KELAKON DIGEBRAK KARO FIFA!
FIFA wis ora sabar karo PSSI lan KPSI lih rebutan....nek
ora ndang diputus...pancen sidane morat-marit kaya ngono.

Ning Suriname kumpulan sepak bola turunan jawa akeh.
Sasate saben desa ana, uga ning kiwa-tengene Ibu Kothane.

Ning tulisan iki aku ora ngece tingkat sepak bolahe
Indonesia, nanging luwih seneng lan ngarep-arep kemajuane negara Indonesia.
Salam marang sedulurku jawa kabeh

CORETAN SENZO said...

Assalamu 'alaikum.
Salam tetepungan marang mitra lan sedulur kabeh, aku saka Ngayogyakarta sisih wetan.
Aku rumangsa bombong lan mongkog duwe sedulur kaya bapak Sodirijo kang tansah melu nguri-uri samubarang apa wae kang sesambungan karo jawa, ing kamangka saiki bocah2 ing tanah Jawa wae isin lan lingsem migunakake budaya Jawa. Aja nganti budayane dhewe banjur ilang tembe mbesuke, mung dadi crita kanggo anak putu.
Matur sembah nuwun awit saking sedayanipun.
Wassalamu 'alaikum.

Unknown said...

Sugeng pasedherekan Pak, kulo Lilik saking Tlatah Wonogiri, sak meniko merantau wonten in Jakarta. Ngubek2 ilmu perpustakaan.. lylyk_tyo@yahoo.com

Anonymous said...

Sugeng ndalu,,kulo Eko saking tlatah sukoharjo jawa tengah,,
salam sukses dhumateng sedherek wonten ing negeri Suriname,,,sakmeniko kulo sampun nambah rencang facebook wonten ing facebook,ananging pumopo rencang rencang suriname puniko mboten nate nggagas pesen pesen ingkang kulo kirim,nopo adat istiadat wonten mriko sampun tertutup kangge tiang njawi ing luar daerah suriname,padahal kulo pingin sanget ngertosi kegiatan rencang nem neman wonten ing suriname,punopo sami kaliyan tiang Jawi wonten ing indonesia,,,matur nuwun dhumateng bapak sodirijo sampun nguri uri kabudhayan jawi wonten ing tlatah suriname

DSodirijo said...

Salam mas Eko tuwin sedherek kula sedaya.
Aku dhewe senajan wongtuwaku imigran saka Jawa, biyen isik bocah(molai 1950an) urip ning desa: dolanan, sekolah, ngaritke sapi, bebarengan karo etnis turunan India...ya nandur kacang lanjaran, kacang brol,lan pari lan ngusungi tletong nggo tandur2 sayuran...blas ora tau nduwe pangrasa nek adhewe manggon ning negara manca.
Aku anak ragil, ra tau menangi wong tuwaku nggresula utawa tangisan mikir nJawa...Kayake ya kawit wiwitane, Suriname iki negarane. Maune isik aku durung lair uripe wong saka Jawa luwih sangsara kaya ning Jawa. Nanging saiki anak putuku lan generasi 5 lan 6, uripe wis pada mapan. Sasate kabeh keluwarga, sangka wongtuwane teka anak putune sing dewasa wis nduwe mobil. Adhewe ora ngenteni/njagakne pitulungan saka Pemrintah, awit wong Jawa nduwe akal tutuk2 nggawe omah dhewe. Ana, sing durung keturutan omah apa mobil, nanging sebagian besar sudah cukup.
Perkara adat istiadat ya isik ketok Jawa, seje karo etnis2 liya....nanging ana bedane karo nJawa. Awit sekolah, kerja lan sesrawungan karo werna2 golongan etnis, seje rupa lan lingkungan barat, nyampurake pengaruh liya. Dadi Basa Jawane ning tengahe nom-noman kabur. Toh isik akeh sing bisa ngomong Jawa,luwih luwih sing ning desa2 Jawa.
Kanggo bocah nom-noman Indonesia iku adoh ning pikirane, dadi nek ora katut liyane arang sing mikir dolan apa mikir paseduluran karo nJawa. Jalaran basane iku ora diperlokke.
Aku sing wis ning nJawa, ning Yogja malah ora ngampiri Solo. Sukoharjo cedhak neng kidule wae....
Iku mau jawabanku, Salam.

Anonymous said...

Salam sukses Pak Sodirojo,,,,
matur nuwun sanget sampun njelasaken kahanan wonten Suriname,,,
nyuwun ngapunten Pak sodirojo,menawi saget kulo nyuwun tulung panjenengan upload foto foto kahanan wonten ing Surinam,keluarga n sanak kadang panjenengan,awit foto2 ingkang wonten ing internet kirang komplit n all the pictures is same in every Bloggers,,,
Matur nuwun sak derengipun pak Sodi,,,,
mugi2 ingkang Gusti maringi rezeki dhumateng panjenengan sak kulowargo,,,
Sugeng ndalu

Unknown said...

matur sembah engkang katah. mugi pak sudiro anggsal sugeng kewarasan. kulo saking Suroboyo. Pulo Jowo, Indonesia

NUR CAHYONO said...

kula bangga dadi wong jowo,,keakrabane ra ilang ,senajan adoh neng negara lia

Anonymous said...

Salam kenal pak
nyong wong purbalingga kie hehe

Unknown said...

salam kenal aku moko wong jowo ngayogyokarto ?

ryant said...

SURINAME?????
PRIPON KABARE SEDULUR2 ING SURINAME MAS NYONG WONG WONOSOBO SALAM NGGO SEDULUR SING NANG SURINAME,,,,SEMANGAT PODO2 WONG JAWANE AYO BARENG2 DONGA DINONGA,,,,MEN NYONG KARO SAMPEAN2 SENG NANG SURINAME SEHAT KABEH LAN SERBA KECUKUPAN SALAM RYANT SEKO WONOSOBO JAWA TENGAH

http://www.facebook.com/ryantcentrino

wise_new said...

nuwun sewu bapak...lek mboten salah biyen kulo tau ngikuti kiprah wing back NAC Breda Martin Admodikoro....sekitar 1990an....jaman semono wis ono turunan jowo bal-balan nang eropa, trus ono kurniawan julianto FC Luzern....saiki mboh ora ono kabar, mungkin panjenengan sedoyo duwe informasi sumonggo di sharing....
suroboyo, jawa timur, indonesia
w. arie

Anonymous said...

Kabeh sedulur..kula saking lampung...








Gandong Setiawan said...

Salam knggo dulur2 jowo kabeh...mgo Gusti kang akaryo jagad tansah paring pangayoman mring sampean kabeh...Aku wong asli Blitar sing hijrah nyang lampung...

www.facebook.com/ Gandong Setiawan

Editor said...

Ngaturaken sugeng.

Monggo pinarak: tismak.blogspot.com

Unknown said...

Salam tepang sumonggo mlebet teng aplikasnipun tiang jawi niko.
www:wongjawa.com

Negara Indonesia said...

uapik rekk,, bahasa jawa mugo-mugo tetep urip, ning Suriname ugo neng Negara Indonesia

Media Jawa said...

sugeng makarya.

tepangaken, kula yayu saking Jawa Tengah. bungah rasane duwe sedulur kang esih tresna meski adoh..

mangga mangga mampir wonten blog'e kula.
nuwun

Unknown said...

Kulonuwun...kulo budi saking purwodadi jawi tengah nderek langkung...mugi2 poro sederek sedoyo ingkang wonten ing pundi kemawon termasuk sederek saking suriname dipun paringi seger kewarasan,cukup sandang pangan lan papanipun.. Lan mugi2 sasambungan pasedere'an jawi meniko mboten pedhot ing tengahing margi ngantos sak wingkingipun.. Teng purwodadi sakniki nembe icir/ulur wineh/bibiteng jagung.salam domateng sedoyo tiang jawi ing ngalam dunyo.maturnuwun lan sumonggo

Unknown said...

Sugeng enjang, kulo harianto saking Solo, Jawa Tengah. Tinggal di Jakarta. Saya dan teman teman ingin pergi berkunjung ke Suriname, apakah Bapak Sodirijo bersedia memberikan kontak? Kalau memungkinkan kami mau sowan juga dengan komunitas tiyang Jawi ing Suriname
Kiranya Bapak dan semua keluarga dalam keadaan sehat dan sejahtera. Amin.

Anonymous said...

Salam mas Harianto,

Kalau serius, saya tersedia. Bergantung dengan berapa orang
mau datang di Suriname dan suk kapan, saya juga siap sedia
menjumput di lapangan udara. Walaupun saya bukan orang tokoh,
saya akan coba mengontakkan kalian dengan komunitas2 orang
jawa di Suriname.
Nyuwun sewu aku nulis ing Basa Jawa ngoko wae, tenimbang ing
Basa Kromo mengko malah "ora sopan"(merga keleru-leru).
Luwih gamblang, hayuk dirembug liwat email wae.
Adresku: dsodirijo@hotmail.com
Salam lan Gusti mberkahi.

Kata-kata Romantis said...

bungah wong suriname isih kemutan wong jawa, leluhur kalian

mugi said...

Nderek tepang Pak kulo Mugi Kuswantoro, purworejo jawa tengah. Apa kabar suriname... mugi-mugi sedherek sedherek wonten suriname tansah pinayungan rahayu wilujeng dening gusti kang Moho Agung. Semoga Tali silaturahmi antara jawa-suriname tak akan putus selamanya. Karena nenek moyang kita adalah sama.

Ruki said...

aku wong jowo, mugi-mugi sedaya sedulur jawa suriname tansah bungah prayoga :)

ari said...

Nderek tepang pak Dirjo,nami kulo ari anggoro asli kelhiran tanah Jowo.Ananging urip kulo nggih wonten perantauan,rumiyin wonten Pekanbaru (Riau) sak niki manggen wonten Batam (Kepulauan riau).Sak derenge kulo matur suwun dateng blog panjenengan meniko,mugi2 ngangge sarono blog meniko sederek ingkang wonten Suriname saget sambung roso kalih sedhulur Jowo ingkang wonten Indonesia.Menawi Panjenengan badhe mampir dateng blog kulo,monggo http://radiomaya.blogspot.com/2013/09/streaming-radio-waton-muni.html

Unknown said...

Maturnuwun aku di ampirke ning blogmu mas Ari.

Dudu aku sing nggawe blog iki mas. Aku mung ngguyubi lan melu nyambung, menjawabi sapa wae sing takon marang aku.
Aku dhewe uga seneng karo blog iki lan sing taksuwun sedulurku
Jawa ning endi wae tambah wawasan perkara kahanane/pikirane
turunan Jawa sing manggon ing Suriname.

Salam saka tanah airku, Suriname.

Anonymous said...

Nuwhun sewu sederek sedulur ing suriname.nderek tepang sedoyo ke mawon,mugi sedulur sedoyo pahring kasembadan saking gusti......facebook.com/husneemundafar

Anonymous said...

Sugeng Sonten Pak Dhe,,atur pambagyo panakrami..tepangaken dalem irawan,saking banjarnegara,banyumas,jawa tengah..matur suwun katur Pak Dhe,mugi mugi lewat blog punika saged ndamel caket sedaya sederek sami-samai keturanan jawa wonten pundi papan kemawon,bilih Pak Dhe ngersaaken informasi tentang jawa,kanti remening penggalih monggo kontak dalem email panji_mgo@yahoo.com matur sembah suwun Pak Dhe.

Salam

Irawan

Unknown said...

al hamdulillah,, sedulur sedulur jawa sing ono neng negara adoh sing arane suriname ora lali marang tanah leluhure... sampean kabeh ora kudu balik meng jawa,, sebab penguripane sampean wes neng kono, sig penting sampean waras sehatv slamet. kabeh nggihh...

Unknown said...

Dadi bangga ngene iki ambi bangsa Jowo.

Wong Kudus

Anonymous said...

Sak eruhku wong jawa sing ning suriname iku isone mung ngomong jawa karo belanda

Unknown said...

Aku melok rekkkk pasuruan,jawa timur
Ok ok mugo" aku isok nang suriname nyambangi dolor" aminnnn

Unknown said...

Andum slamet marang sedulurku kabeh.

Maturnuwun perhatian karo tulisan-tulisanmu ana ing nduwur kene perkara adhewe turunan Jawa ing Suriname.
Adhewe ora pernah mikir bali nang Jawa meneh awit iku pikiran aneh banget. Negara Indonesia kanggo adhewe wis negara manca,utawa uga Indonesia wis nganggep adhewe wong asing.
Biyen wae nalika para kontrakan sing gelem bali meneh, ora digawa ning tanah kelairane apa ning keluwargane, malah dibuwang ning gubug2 tengah alase Sumatra! 'kon mbukak alas meneh!!! Owalaah...Luwung pada manggon ning Suriname wae malah turunane padha nduwe omah, mobil lan sing pendidikane duwur ana sing dadi minister, direktur, dewan perwakilan, dosen,guru sekolah,kerja kantor,tukang teknis dll. apa wae lumrahe kemajuane liya golongan etnis.
Negara Suriname luase ngungkuli pulo Jawa tithik, mung penduduke ora akeh. Dadine kapling omah kanggo warga umum luwih jembar tenimbang ing Jawa.
Mungguh adhewe nduwe pikiran bali, umpamane ditampa Indonesia terus disampirke ning endi....ning Papua? Ora, adhewe mesti milih Jawa. Warga Jawa mestine ya ora bakal trima yen adhewe spesial digawekke papan. Awit Jawa wis k u e b e g..... lan sing manggon ning Jawa wae akeh sing ora kumanan, mula akeh sing neng Malaysia, Saudi Arabia, Jawa Barat, Sumatra, Kalimantan, Papua....
Sing taksuwun turunane sed.sedulur
saka Suriname sing maune kapeksa manggon ning Sumatra muga2 uripe saiki pada slamet lan gangsar.

Ning Suriname basa nasional Basa Landa lan sapa sekolah uga belajar Basa Inggris. Saben golongan etnis bisa ngomong basa pergaulan(basane wong ireng). Terus saben golongan etnis isik akeh nganggokke basa sangkane maune, dadi adhewe Basa Jawa.
Nanging Jawa Suriname akeh sing ora tau maca apa nulis Basa Jawa kaya aku ngene. Dadi arang sing bakal gelem ngekekki komentar kaya ngene. Jalaran mungguh nulis mikir karo ejaan Landa, terus jawane ora nggenah....

Ning nduwure 12 tulisan-tulisan kene ana sakwijine sedulur jenenge mas Harianto sing takon aku apa bersedia awit mase karo golongan(karo wong papat) arep mengunjungi Suriname,ing wulan Okt. kang kepungkur wis teka temenan.
Senajan adhewe maune ora kenal, mung kenal liwat blog iki,adhewe dolan rana-rene, semingguh suwene karo berterima kasih marang Gusti jalaran sed.sedulurku keturutan apa tujuane.
Dadi arek sing ngganteng ning nduwur kene nek karep lan nyelengi sing temen mesti bisa teka ning Suriname.
Ayo takdongakke, bisaa keturutan.

Matur nuwun lan salam sejahtera saka Suriname.

Unknown said...

Aku pengen nang sueiname nanging ora nduwe duek...nak nang suriname ana kerjonan gelem aku...merubah nasib...hahahahahahahhahahah...salam saking bocah semarang...

Sistem Pemerintahan said...

salam,, aku yo iso kok moco tulisanmu

Unknown said...

maturnuwun gusti,...
aku biso nemu blog iki, muggo-mugo sarono blog iki biso ngraket ake sedulur kabeh wong jowo sing ono ning ngendhi bae papane ning donyo iki.Amin...

jare bapakku mbah ku yo di gowo londo, mungkin ning suriname ?????...
salam sejahtera kanggo sedulur kabeh. /cah pekalongan,Mulyono. facebook.dhudho lelono

Unknown said...

maturnuwun gusti,...
aku biso nemu blog iki, muggo-mugo sarono blog iki biso ngraket ake sedulur kabeh wong jowo sing ono ning ngendhi bae papane ning donyo iki.Amin...

jare bapakku mbah ku yo di gowo londo, mungkin ning suriname ?????...
salam sejahtera kanggo sedulur kabeh. /cah pekalongan,Mulyono. facebook.dhudho lelono

Anonymous said...

maturnuwun gusti,...
aku biso nemu blog iki, muggo-mugo sarono blog iki biso ngraket ake sedulur kabeh wong jowo sing ono ning ngendhi bae papane ning donyo iki.Amin...

jare bapakku mbah ku yo di gowo londo, mungkin ning suriname ?????...
salam sejahtera kanggo sedulur kabeh. /cah pekalongan,Mulyono. facebook.dhudho lelono

Rumah Adat said...

salam sekang banyumas

bagusomega said...

sugeng siang,
bungah... sueneng buanget iso komunikasi karo sedulur-sedulur saka suriname. mugo diparingi sehat kabeh.
jowo tetep jowo... sedulur jowo ora ono patine !!! tepangaken kulo BAGUS tiang jawi ( muntilan ) tapi domisili teng Lampung, Sumatera, Indonesia. Menawi poro sedherek sami kangen kalian campursari jawi, monggo dipun bikak website kulo www.detiklampung.com (detiklampung tv streaming ). kulo tenggo komunikasine poro sedherek teng suriname via email kulo bagusomega@yahoo.com. maturnuwun

Javanese art and culture said...

Sugeng pinangih para sedulur ing Suriname. Trenyuh menawi ngengeti panjenengan sedaya, pinisah saking Pulo Jawa tebih ing Nagari Walandi.

Mugi sedaya tansah ginanjar kasaenan.

Unknown said...

Arep basa tapi ora pinter, maklum bujang banyumas jaman siki pancen pada ra bias basa hehe..
ok, salam seduluran kanggo kanca dulur sing ana nang suriname, sukses nangkana ya, hehe..

iwan said...

kados pundi kabaripun sedherek 2 wonten suriname, nderek tepang, kulo saking puworejo jawa tengah, menopo sederek wonten mriki wonten sing asale saking purworejo..?

Javanese art and culture said...

Kok sak iki wis gak tahu update artikel ta sedulurku sik ana Surinema ki. Muga-muga Budaya Jawa tansah ngrembaka ing kana.

Aku sak sedulur ing tanah Jawa nunggu kabar sabendina.

Bambang P. Sumo said...

Salam kangge poro sederek asli seko tanah Jawa sing ono manca negara. Kulo duwe gegayuhan, poro sedulur Jawa sing urip nang negoro-negoro ing ndonyo iki, koyo ing Suriname, Malaysia, lan negoro liyane mugo-mugo iso dadi tokoh-tokoh utowo pemimpin lan wong sing berhasil nang negorone. Nuwun. Kulo H. Bambang P. Sumo asli saking Semarang urip nang Jakarta

Anonymous said...

Salam kagem sederek kulo wontn ing tanah monco negoro.
Nuwun...Kulo Sulistyo Agung Pambudhi saking semarang, jawa tengah

FB:www.facebook.com/sulistyo.pambudhi

monggo kulo aturi mampir

Disain Bangunan said...

salam

Sulistyo agung Pambudhi

Unknown said...

salam saking AREMANIA

Eryck said...

aku wong saka malang jawa wetan,indonesia. namung sak iki manggon ing surabaya.. aku yo seneng isih ono dulur sing nang suriname isih biso ngomong jowo,, piye waras kabeh a ing suriname kono?? mugo2 ono grup sing gawe ndadekno siji ugo guyup rukun wong jowo khususe indonesia lan suriname,, yen wis ono grup ojo lali yo email aku nang eryckjuliant@gmail.com... Matur Nuwun...

wanSD said...

Salam seduluran bangsa jawa...

Anonymous said...

salam kang wong banyumas asli kiye...
salam hangat nggo wong jawa nang suriname...

Anonymous said...

semoga Rymond Sapoen dadi presiden nang Suriname.
salam sing wong banyumas, jawa tengah.

darmanto

Unknown said...

Salam soko jowo wetan-Probolinggo.
Wong jowo Probolinggo opo yo ono sing ning Surinane...?

Unknown said...
This comment has been removed by the author.
Anonymous said...

Salam kanggo sedulur2 ku bangsa jowo ing suriname. Kulo wong New York karto(djogjakarta).

Unknown said...

Sugeng enjing dulor kabeh ingkang wonten teng pundi kemawon mugi tansah pinaringan rahayu lan kaharjan.

Salam saking banyuwangi jawi wetan.

Lukylutfi@gmail.com

Unknown said...

kulo tiang blitar salam teko wong blitar jowo timur

Unknown said...

Perkenalkan, saya dari tim kumpulbagi. Saya ingin tau, apakah kiranya anda berencana untuk mengoleksi files menggunakan hosting yang baru?
Jika ya, silahkan kunjungi website ini www.kumpulbagi.com untuk info selengkapnya.

Di sana anda bisa dengan bebas share dan mendowload foto-foto keluarga dan trip, music, video, filem dll dalam jumlah dan waktu yang tidak terbatas, setelah registrasi terlebih dahulu. Gratis :)

Anonymous said...

Nuwun sewu sakdurunge,,aku rumongso melu seneng..iso urun rembuk karo sedulur2 kang isih ngugemi asal usule..ora lali marang leluhure.. salam kenal.. aku Setya hutama teko tlatah Kabupaten Tuban Jawa Timur.

masakan wong jowo said...

tak wocono ne lek. soko kene apek tenan niki

Unknown said...

Wah bareng aku Moco tulisan Dulur ing Suriname aku rumongso seneng ,kanyoto Dulur ing Kono Yo isih kelingan Karo tanah jowo asal mulone Simbah biyen ,kapan isoh jagongan Karo Dulur ing Kono crito Babagan sedulur ing Suriname , aku kesemsem banget Karo Kowe Kabeh

Unknown said...

Mbok menowo Ono Dulur sing Ono Suriname sing keturunan Simbah Soko solo Klaten opo liyane di wenehi no kontake

Unknown said...

Salam bangga Soko tanah jowo sedulur Kabeh ing Suriname LAN salam Soko aku Panut Wijoyanto ing Klaten solo