Salam saka Suriname


      "Aku wong Jawa Suriname.
Apa tulisanku kira2 kena diwaca karo wong Jawa sangka pulo Jawa ya????
Adewe krasan ning Suriname kok. Sakwise kepriye, adewe ya rumangsa penduduke negara Suriname...lan cukup
golek sandang lan pangan.
Nanging adewe ora lali sangkane....
Isik sedulur karo sampean kabeh.
Salam sangka aku, D. Sodirijo"
March 6, 2012 9:45 PM
Tulisan ing nduwur iki mujudake salah sawijining komentar saka pembaca Blog “Jawa Suriname – Suriname Jawa” sing ana ing Suriname. Aku nganti mrinding nalika maca tulisan iku mau sing bisa diwaca ana ing link iki: http://jawa-suriname.blogspot.com/search/label/peta. Sanajan aku durung isa mbuktekake yen “D. Sodirijo” iku bener Wong Suriname Jawa utawa Wong Jawa sing saiki urip ana ing Suriname, ananging aku mikir positip wae yen priyayi iki pancen kaya mangkono anane.

Aku seneng yen sarana Blog iki kita dadi cedak tanpa wates antarane awake dewe sing ana ing tanah Jawa karo para sedulur keturunann Jawa sing ana ing Suriname. Lan, nyatane para sedulur ing ngendi wae, ora mung sing ana ing Suriname, banjur pada melu nanggapi lan pada melu kekancan sarana Blog iki. Wong Jawa sak donya  dadi pada kumpul lan pada nyapa siji lan sijine ana ing Blog iki. Kaya to, sing ana ing Sumatra, Kalimantan, Timur Tengah, Belanda, lan liya-liyane. Ya, pancen iku sing dadi tujuanku nggawe Blog iki.

Sing ndadekke aku seneng ora mung iku, nanging uga amarga kanca ing Suriname sing jenenge D. Sodirijo iku mau ngabarke yen deweke krasan urip ana ing Suriname lan cukup sandang pangan. D. Sodirijo uga ora lali saka sangkan parane, yaiku tanah Jawa, lan uga ora lali marang para sedulur ing tanah Jawa.
Aku mung isa ndedonga utawa nyembayangake, muga-muga para sedulur ing Suriname pada sehat lan urip mulya. Semono uga para sedulur kabeh sing ana ing tanah Jawa, Sumatra, Kalimantan, Arab Saudi, Malaysia, Belanda (Walondo), Australia, Amerika, Korea, lan liya liyane. Salam uga kanggo D. Sodirijo lan para sedulur kabeh. Matur nuwun wis kersa mampir lan paring tanggapan ing Blog iki.

Nuwun.
Read More..