Keturunan Jawa dadi Menteri lan Kapolri Suriname?

Warga Suriname pada keplok rame banget amarga gumun weruh polahe Buta Cakil sing pethakilan, beda banget karo Arjuna, Satria sing alus tindak-tanduke. Apa sing tak critakke iki yaiku sawijining tari Blambangan Cakil sing dadi salah sawijining pasugatan ana ing acara MALAM BUDAYA INDONESIA-INDOFAIR 2010 ing Paramaribo, Suriname. Acara Indofair dianakake wiwit tanggal 24 September ~ 2 Oktober 2010 kanggo mengeti 120 tahun Imigran Jawa pisanan teka ing Suriname, negara ing Amerika Kidul iku. 

Acara sing didukung dening KBRI ing Suriname iku uga diisi karo Didik Nini Thowok sing nari Dwimuka, sing marakake para penonton padha kepingkel-pingkel. Ana uga Yan Felia, penyanyi saka Solo sing kayane wis kesuwur banget ana ing Suriname. Yan Felia nyanyi lagu "Sewu Kutha" sing uga wis kesuwur ing Suriname. Rombongan kesenian sing digawa dening Kementerian Kebudayaan dan Pariwisata Indonesia itu dadi panglipur kanggone warga Suriname.

Pejabat Tinggi Suriname ngrawuhi acara iku ing antarane Ginmardo Kromosoeto (Menteri Tenaga Kerja Suriname), Hendrik Setrowidjojo (Menteri Peternakan dan Perikanan Suriname), H Setrosentono (Kepala Kepolisian Suriname), lan Soewarto Moestadja (Menteri Dalam Negri Suriname). Kakek-neneke Soewarto Moestadja asale saka Kalirancang, Alian, Kabupaten Kebumen, Jawa Tengah

Acara iku dianakake ing Sana Budaya, sawijining pendapa sing nganggo arsitektur joglo duweke Vereniging Herdenking Javaanse Immrigratie (VHJI), yaiku sawijining pakumpulan kanggo pangeling-eling imigrasi Jawa ing Suriname. Sana Budaya pancen papan kanggo kumpule warga Suriname Keturunan Jawa sing jumlahe 15% saka 470.000 jumlah penduduk Suriname.

Ing Sana Budaya ana monumen kanggo mengeti 100 tahun tekaning imigran Jawa ing Suriname sing wujude tugu gunungan. "Saben tanggal 8 Agustus wong-wong pada nganakake pasar malem kanggo mengeti tekaning imigran Jawa kang sepisanan ana ing Suriname. Wong-wong padha nyekar ing gunungan." ature Kim Sontosoemarto (50), pimpinan VHJI.

Sejarahe Imigran Jawa ing Suriname

(diterjemahake saka koran "Kompas", Minggu - 10 Oktober 2010, kaca 1.
Read More..

Ja Pada Nelangsa. Pituture Koes Plus

Uripe nelangsa? Ra usah kokehan nggresula, ya... Awit jaman semana, urip iku ya pancen kaya mangkono iku. Urip iku sakjane ora angel, koq... sing angel iku anggone golek duit... ya, pora?

Seprana-seprenen urip iku, ya pancen rekasa... pengin bukti? Coba gatekna syair lagune Koes Plus ing ngisor iki. Lagu iki digawe tahun 70-an, ta..? Yen ngono awit tahun 70-an urip iku ya pancen wis angel...

Nanging apa uwong iku pengin rekasa terus... lak ya ora ta... kepingine ya mesthi bisa urip mulya. Banjur carane kepriye?

Nyambut gawe sing temen... miturut Koes Plus, lho... nanging yen miturutku, temen thok ora cukup... Temen tur cerdas... Ora rekasa ning duite akeh.... he he ...

Carane piye? Nyobaa dadi Blogger... Awit tahun 2010 ini aku wis mulai ngundhuh hasile... Wayah turu wae entuk duit... atusan dollar, lho... Ra percaya? Nek aku percaya...
-----------------

"Ja padha nelangsa" (Koes Plus)

Ja padha nelangsa
jamane-jaman rekasa

Urip pancen angel
kudune ra usah ngomel

Ati kudu tentrem
nyambut gawe karo seneng

Ulat aja peteng
Nek dikongkon ya sing temen

Lah, apa ta kanca
ati kerep lara
ra gelem rekasa
mbudi-daya

Pancen kabeh pada
pengin urip mulya
wiwitan rekasa
pancen nyata...

***

Read More..