Peta Jawa Suriname

Peta Jawa Suriname.


Yen sampeyan gatekke gambar peta ndhuwur iki, kira-kira apa sing sampeyan pikirke? Yen aku dadine jengkel karo Londo sing mbiyen nggawa kanca, sedulur, malah mbok menowo nenek-moyange awake dhewe, Wong Jawa sing padha dipeksa dadi budhake Londo neng Suriname.

Perkara saiki Wong Jawa sing neng Suriname iku, jarene, wis padha makmur, iku urusan liya maneh. Ning sing jenenge meksa wong liya kudu dadi budhak iku rak kena diarani ora cocok karo rasa kamanungsan.

Lha piye coba. Saiki Wong Jawa sing padha digawa pekso neng Suriname iku lak ya banjur padha pedhot hubungane karo bojo, kanca, wong tuwa, anak-putu, lan sedulur-sedulure. Kira-kira kahanan rikala semono iku terus kepiye coba..??!!

Sadurunge nggawe Blog Jawa Suriname - Suriname Jawa iki, aku ora pati mudheng sakjane negara Suriname iku pase neng ngendi. Nanging amarga aku pengin nduduhake marang sampeyan kabeh, aku banjur mbukak Google Map. Eee.., jebule Suriname iku ana ing ndhuwure utawa sebelah lore Brazil. Adoh banget. Tak kiro neng dhaerah Afrika kono.

Coba sampeyan gatekke peta sing ngisor dhewe. Neng kono ana dhaerah sing jenenge Taman Redjo (yen kurang cetha, coba di-klik pas nggon gambare utawa photone). Tak kira yen basa Londo utawa basa Suriname ora ana sing kaya ngono iku.

Dadi, ya kira-kira pancen bener yen neng Suriname iku akeh wong sing saka tanah Jawa. Buktine neng kana nganti ana panggonan sing dijenengi Taman Redjo.

Kira-kira apa sing jenenge Taman Redjo iku ya rejo tenan, ya. Kapan awake dhewe bisa dolan mrana, terus nembang campur-sari bareng karo wong Suriname. Sapa ngerti jebule neng kana malah ketemu karo nenek moyange awake dhewe. Sapa ngerti? Iya, ta?


Jawa Suriname.
Read More..

Jamane Jaman Edan?

Wis tau krungu kerata basa iki: "Jamane Jaman Edan, Nek Ra Ngedan Ra Keduman?" Tak kira kabeh wong Jawa wis tau krungu kerata basa iku. Nanging, mbok menawa sampeyan ora ngerti yen koyo ngono iku jenenge kerata basa. Sak ngertiku ukara kaya ngono iku jenenge kerata basa. Nanging apa bener kerata basa apa ora, aku ya ora yakin tenan. Ya, wis. Ora perlu dimasalahke. Sing penting saiki ngomongke intine wae.
Jawa Suriname. Suriname Jawa.
Kanggoku kerata basa iki pas banget kanggone jaman iki. Jaman iki pancen wis ora karu-karuan. Sing bener malah dadi salah. Sing salah malah dianggep bener. Wong salah ora gelem ngaku salah. Nyolong dhuwite negara ora tanggung-tanggung. Ora nduwe isin. Ngakune wong nduwe agama, sembahyange ora tau keri, ora tau telat, nanging nyatane tingkahe ora ngetokke babar blas yen dheweke iku wong sing nduweni agama. Ya kaya ngono iku kanggoku wis isa diarani jaman edan. Jawa Suriname. Suriname Jawa

Buktine jaman edan, ya kuwi mau, korupsi sak karepe dhewe, mangka kudune sing jenenge pimpinan, wakil rakyat, pejabat pemerintah iku mikirke rakyat, menehi conto, lan wani korban kanggo rakyate. Pancen bener gelem korban kanggo rakyat, nanging anggone korban mung yen duwe karep utawa pamrih.

Coba gatekno calon-calon presiden utawa partai-partai yen kampanye nanggon TV. Utawa para calon Bupati, Gubernur, DPR, lan sak panunggalane. Sing ngedum kaos, bantuan kanggo mbangun dalan, lan liya-liyane. Kabeh mau dilakoni yen arep pilihan. Yen wis bubar pilihan... mbuh, ra weruh... Kira-kira terus mikir carane piye mbalekke "modale".....

Ana sambungane....

Jawa Suriname. Suriname Jawa
Read More..